Waosan : Daniel 4 : 19 – 27 | Pamuji : KPJ 362 : 1, 3
Nats: “… gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes–bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!” [ayat 27]
Napa ta sejatosipun ingkang dipunpadosi dening manungsa? Saking enjang ngantos dalu, inggih punika kepingin nampi katentreman ing gesangipun. Nyambut damel, sekolah, srawung, ngibadah, sedaya punika wujud anggenipun kepingin ngraosaken katentreman lair batin.
Punapa ingkang kirang saking gesanging Prabu Nebukadnezar? Minangka raja Babil, tamtu cekap bandha donya lan kuwasa. Kedahipun sampun mboten perlu kuwatos. Kasunyatanipun, taksih wonten ingkang ndamel ajrih ing gesangipun. Prabu Nebukadnezar nyupena perkawis ingkang nggegirisi. Miturut Daniel ingkang saged paring uninga makna impen punika, ketingal bilih Raja Nebukadnezar badhe ngalami perkawis ingkang awrat ing lampah gesangipun karana rumaos gumunggung lan mboten pitados kaliyan Gusti Allah. Daniel tepang saestu kaliyan sang prabu, karana gesang sesarengan ing kraton Babil. Daniel ngengetaken supados sang prabu kersa mratobat lan ngicali dosa supados uwal saking bebendunipun Gusti Allah (ay 27).
Kita tepang kaliyan dhiri pribadhi kita piyambak. Punapa pemanggih punika leres? Mbokmenawi wonten leresipun. Nanging kita ugi saged mangertosi dhiri pribadi kita lumantar tiyang sanes. Tiyang sanes ingkang ngraosaken dampak saking punapa ingkang kita tindakaken. Punika ingkang asring mboten kita sadhari. Rasane wis pener; rasane wis bener, ananging sejatosipun mboten sedaya ingkang kita tindakaken saestu dados berkah kangge tiyang sanes.
Mila kita ugi perlu mirengaken suwantenipun Gusti lumantar pribadi-pribadi ingkang kautus ngengetaken kita. Sampun ngantos kita dados wangkot. “Aku iki pancen wonge ngene, ora iso diowahi”. Sampun kesesa ngendikan mekaten. Gusti Allah ngersakaken kita dados pribadhi ingkang unggul. Kita mboten saged ngupados piyambakan. Tiyang sanes ingkang saged ngraosaken woh saking pandamel kita. Punapa manis, kecut, pahit, sepa, gampil uleren, lsp. [PKS]
“Manungsa iku ora bisa ngilo githok”