Waosan: Rum 14 : 13 – 23 | Pamuji : KPJ. 194
Nats: “Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta sukapirena marga dening Sang Roh Suci” (Ay. 17)
“Jon, yen KRW utawa kebaktian patuwen, opa enek mangane?” Mas Vikar takon. “Ya mesti dong! Ora madhang ora nendhang, mas! Tapi nek ning omahe mbah rondho ngisor pring kae, mesti mung diwedangi. Kadang enek jajane, tapi ya jarang banget! Ngono kok ya kanggonan kebaktian?” Jojon semaur. Tetedhan lan omben punika perkawis wigati wonten ing tata kajasmanen manungsa. Bilih mboten nedha lan ngombe, manungsa dados lemes lan tanpa daya kangge makarya. Nanging pripun bilih kasandhing kaliyan tetedhaning kasukman, utawi dhawuh pangandikanipun Gusti? Langkung wigati ingkang pundi?
Pasamuwan ing kutha Rum punika pasamuan ingkang majemuk. Warganing pasamuwan nggadhahi latar belakang ingkang warni-warni. Sedaya sami ngugemi kabudayan lan pamanggihipun piyambak, langkung-langkung bab tetedhan, halal punapa mboten lan sapanunggilipun. Lajeng Rasul Paulus dhawuh supados perkawis punika mboten perlu dados padudon. “Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta sukapirena marga dening Sang Roh Suci.” (ayat 17). Ingkang kedah dipun tengenake bab kratoning Gusti Allah, inggih punika netepi karsanipun Gusti bab tentrem-rahayu ingkang kababar ing satengahing jagad.
Lajeng, punapa taksih wonten pasamuwan ingkang rame bilih ngrembag tetedhan lan omben ing kebaktian? Bilih wonten, monggo kula aturi mratobat! Awit ingkang langkung wigati punika ngrembag bab Kratoning Swarga. Gusti Yesus sampun paring dhawuh, “Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku mau upayanen dhisik, nuli samubarang iku kabeh bakal diparingake marang kowe.” (Matius 6:33). Punika sarujuk kaliyan pemanggihipun Paulus wonten nginggil wau. Mila monggo kita tansah ngupadi, nggayuh karsanipun Gusti wonten ing salebeting Sabda-pangandikanipun. Dhawuh pangandaikanipun Gusti kang kaserat ing Kitab Suci punika dados kakiyatan iman lan pepadhang ing gesang.
“Mas Jojon sing ganteng, kebaktian patuwen kuwi sing penting dudu mangane. Tapi nyinau sabdaning Gusti saka Kitab Suci lan tetuwi.” Mas Vikar nuturi. “Ngono kok takon mangan?” takone Jojon mangkel. Mas Vikar mangsuli, “Lha nek kuwi, mergo persiapan program diet, Jon.” Amin [jarwi]
“Bisa mangan lan ngombe kuwi apik, ning luwih becik bisa manut dhawuhe Gusti.”