Waosan: Jabur 98 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 191
Nats: “… sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.” (Ayat 3b)
Salah satunggaling moda transportasi ingkang paring “jaminan datang tepat waktu” inggih punika kereta api awit wonten jalur darat ingkang prioritas. Ibaratipun menawi kita mapak sedherek kita ing stasiun, “jaminan datang tepat waktu” dados pengajeng-ajeng ingkang pasti. Bab kapitadosan ugi mekaten, kita kagungan pangajeng-ajeng ingkang “pasti” bilih Gusti Yesus badhe rawuh malih. Rawuhipun Gusti Yesus saperlu ngadili jagad sarta mujudaken kawilujengan kangge umat-Ipun. Pangajeng-ajeng punika tuwuh saking kasunyatan bilih Gusti Yesus sampun ngawonaken pati. Krana pangajeng-ajeng punika sipatipun “pasti”, pramila kita kedah nyawisaken gesang kita ing wekdal antawis rawuhipun Gusti Yesus ingkang sepisan lan kapindho.
Waosan saking kitab Jabur 98 punika nedahaken pamujinipun juru mazmur ingkang kalambaran “kepastian” (Ay. 1-3) lan pangajeng-ajeng (Ay. 4-9). Wonten “kepastian” menawi Gusti Allah sampun makarya kangge kawilujengan umat-Ipun. Gusti Allahipun Israel punika Gusti Allah ingkang ngrimati umat-Ipun kanthi tresna lan adil. Krana kaadilanipun, Gusti Allah ngukum bangsa Israel awit mboten setya malih dhumateng Gusti. Wujuding paukuman punika antawisipun gagal panen, kalah perang, lan dipun jajah dening mengsah. Gusti Allah ingkang Mahaadil ugi paring jaminan bilih bangsa Israel mratobat, bangsa Israel badhe kaparingan sih pangapunten. Ing ngriki wonten pengajeng-ajeng kangge bangsa Israel awit saking katresnan lan kaadilanipun Gusti Allah (Ay. 9).
Saben bangsa lan manungsa ing salumahing bumi kadawuhan supados ngluhuraken lan menembah dhumateng Gusti Allah. Kanthi pitados lan ngandelaken Gusti, sadaya bangsa ing salumahing bumi badhe ngraosaken kebecikanipun Gusti Allah kados dene Israel. Punika ateges keadilanipun Gusti Allah ugi kangge bangsa-bangsa sanes. Panjenenganipun ugi badhe ngukum umat-Ipun ingkang mboten setya, ananging ugi nresnani umat-Ipun ingkang mratobat. Kita ingkang pitados dhateng Gusti Yesus ugi nampi kepastian kawilujengan. Kita gesang ing kawilujengan lan kaadilan saking Gusti. Pramila kadosdene juru Mazmur, mangga ing wiwit dinten punika, kita paring paseksi tumrap sadaya kesaenanipun Gusti dhateng kita. Lumantar paseksi kita ingkang kalambaran sih-rahmat kawilujengan, tiyang sanes ingkang pitados ugi sami nampi kawilujengan. Amin. [wbk].
“Namung Gusti Yesus Kristus ingkang dados Juru Wilujeng gesang kita.”