Rahasia Dados Pahlawan Pancaran Air Hidup 15 November 2023

15 November 2023

Waosan: Yoel 3 : 9 – 21 | Pujian: KPJ. 59
Nats: “Dhuh Yehuwah, para pahlawan Paduka mugi kabektaa mandhap!” (Ayat 11)

Satunggal prekawis ingkang mboten nate absen saking film Hollywood ingkang ngangkat sosok superhero inggih punika, mesthi menang ing pungkasaning cerita. Menang ing pungkasan cerita punika mungkasi tumindak boten adil lan mbuktiaken bilih kayekten bakal tuwuh tumrap tiyang ingkang mbudidaya gesang lan mboten nate nyerah. Kayekten punika asalipun saking Gusti Allah lan saged manggihi marginipun lan wekdalipun piyambak.

Kitab Yoel 3:9-21 punika nyariosaken bangsa Israel ingkang ngadhepi perang nglawan bangsa Filistin ing wilayah Tirus lan Sidon. Ing perang punika nabi Yoel nyuwun supados para prajurit Israel mboten nggadahi raos ajrih anggenipun mbela bangsa Israel, awit Gusti Allah piyambak ingkang badhe nganthi bangsa pilihanipun. Wluku kagembleng dadi pedang, mekaten ugi arit ingkang dados tumbak (Ay. 10), negesaken bilih sadaya daya perlu kacawisaken ing medan perang. Para prajurit punika para pahlawan utusanipun Gusti Allah ingkang nedhahaken bilih Yehuwah, Allah Israel punika saestu ingkang jumeneng ing Sion. Para bangsa ingkang nglawan bangsa Israel kalawau pungkasanipun mangertos bilih Pangeran Yehuwah Allah Israel tansah nganthi ing lampahing bangsa Israel.

Para prajurit Israel punika pahlawan ingkang jasanipun ageng sanget. Usahanipun kangge mbela bangsa nganthi ngorbanaken nyawa punika wujuding bekti lan kasetyanipun dhateng Gusti Allah. Tanggal 10 November kepengker dipun wastani dinten pahlawan. Kita sami mengeti pangorbananipun para pahlawan bangsa ingkang sampun ngorbanaken gesangipun kangge mbela bangsa lan negara Indonesia. Krana punika, nilai-nilai luhur para pahlawan punika kedah kita tuladhani. Kita sami mbudidaya gesang ing kaadilan, kayekten, katresnan, lan tentrem rahayu. Kita ugi tansah sumadya nalika Gusti Allah ngagem kita dados sarana anggenipun mujudaken karsa-Nipun Allah ing jagad punika. Minangka prajuriting Gusti, mangga kita terus merjuangaken kaadilan, kayekten, katresnan lan tentrem rahayu ing satengahing gesang kita. Kita pitados Gusti tansah paring kakiyatan lan kasagedan dhateng kita nglajengaken perjuangan para pahlawan bangsa ing mangsa sapunika. Amin. [BK].

“Pahlawan sejatos tumindak lan gesangipun namung kagem kamulyaning Gusti Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak