Waosan: Pangentasan 30 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 421
Nats: “Misbyah padupan iku sira prenahna ing sangarepe geber kang kanggo ngaling-alingi pethi angger-angger, ing sangarepe tutup pangruwatan kang ana ing sadhuwure papan angger-angger, iya ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira.” (Ayat 6)
Punapa panjenengan kagungan papan ingkang mligi kangge ndedonga? Saperangan tiyang tamtunipun nggadhahi papan mirunggan ingkang ajeg dipun agem kangge ndedonga saben dinten. Papan punika saged wonten ing pundi kemawon, contonipun ruang tamu, ruang kerja, kamar, lsp. Ingkang wigati, papan punika saged nuwuhaken raos nyaman lan tenang kangge ndedonga. Senaosa mboten wonten misbyah ingkang mewah, ananging saged nuwuhaken raos pepanggihan kaliyan Gusti Allah.
Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken bab dhawuhipun Pangeran Yehuwah supados bangsa Israel ndamel misbyah padupan. Misbyah padupan punika dados papan ingkang mligi kangge panggenan ngobong dupa ingkang wangi kanthi ajeg saben dinten. Pangeran Yehuwah ugi ngersakaken ingkang ngobong dupa ingkang wangi punika namung Harun. Kadosdene dhawuhipun Pangeran Yehuwah, bilih ing papan punika Pangeran Yehuwah badhe manggihi umat-Ipun. Misbyah padupan punika dados simbol rawuhipun Pengeran Yehuwah lan papan pepanggihan antawisipun umat Israel kaliyan Panjenenganipun. Lumantar misbyah padupan punika nedahaken bab patunggilan ingkang raket antawisipun Gusti Allah kaliyan umat-Ipun. Misbyah padupan punika ugi saged dados sarana para umat tansah enget dhumateng Pangeran Yehuwah.
Bilih wonten ing gesang kita punika mboten kagungan misbyah pribadi ingkang kita cawisaken kagem pepanggihan kaliyan Gusti Allah, kita saged ngagem manah kita dados misbyah kagem ngluhuraken Pangeran Yehuwah. Manah kita punika malah-malah saged kasebat dados misbyah ingkang gesang. Bilih kita saged mranata manah kita dados misbyah, kamangka kita tansah ngraosaken pangreksa lan panganthi saking Gusti Allah wonten ing papan pundi kemawon. Karana manah kita dados misbyah, awit saking punika sedaya tindak tanduk lan wicantenan kita ugi kedah nuwuhaken berkah lan nglairaken prekawis-prekawis ingkang sae. Punika saged dados wujuding pisungsung utawi dupa ingkang wangi kagem Pangeran Yehuwah. Swawi kita tansah ngupadi kabecikan supados gesang kita saged dados misbyah lan papan pamujan kagem kamulyaning Gusti Allah. Amin. [DAR].
“Dupa ingkang wangi awujud ing lelampahan gesang kita ingkang sae.”