Waosan: Galati 1 : 6 – 12 | Pamuji: KPJ. 452
Nats: “Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.” (Ayat 10)
Ing Amerika, dinten Senin kaping tiga wulan Januari dipun pengeti dinten Martin Luther King, Jr. Martin Luther King, Jr. dados pendita lan tokoh aktivis perjuangan kesetaraan hukum kangge warga Afrika-Amerika. Anggenipun ngupadi kesetaraan punika mboten ngangge cara kekerasan nanging mawi gerakan tanpa kekerasan, ingkang kadhasaran kapitadosan dhumateng Gusti Yesus Kristus. Langkung malih, Martin Luther King, Jr. ngresakaken bilih perjuanganipun punika sanes namung nuruti senengipun manungsa, nanging dados sarana medharaken karsanipun Gusti ingkang tumuju tentrem rahayu.
Rasul Paulus temen-temen anggenipun gatosaken lelampahanipun pasamuwan Galati. Pramila, Rasul Paulus saestu nggumun nalika mireng bilih warga pasamuwan Galati gampil sanget anggenipun kelu Injil sanesipun. Injil kesasar ingkang cengkah kaliyan Injilipun Gusti Yesus. Mila Rasul Paulus ngengetaken bilih Injil ingkang sejati lan pantes dipun wartosaken punika, mboten martosaken punapa ingkang dipun remeni dening manungsa kemawon. Paseksinipun: “Saumpama aku isih kepengen gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.” (Ay. 10). Paseksi punika ngatingalaken semangat peladosanipun Rasul Paulus martosaken karsanipun Gusti. Sinten kemawon ingkang namung nengenaken senengipun manungsa punika cengkah kaliyan karsanipun Gusti ingkang sampun nitahaken jagad.
Sapunika, jagad tansaya risak awit manungsa namung nengenaken kasenenganipun piyambak. Alas-alas dipun babati supados manungsa saged nedha lan manggon. Sato kewan kausir saking alas papan gesangipun. Manungsa ingkang serakah mboten peduli bab kawontenan jagad titahipun Gusti. Malah wonten ingkang nidhes sesamining manungsa, kados jaman Martin Luther King, Jr. Kita minangka tiyang pitados, sampun samestinipun kita sami enget bilih kita mboten saged namung nengenaken kasenengan kita piyambak. Mangga kita sami nengenaken karemenanipun Gusti, inggih punika lestantunipun jagad ingkang sampun katitahaken. Kita sadaya sami dipun timbali dening Gusti kangge ngrimati lan ngupadi lestarinipun jagad ingkang tinitah mawi astha-Nipun. Amin. [jarwi].
“Ngupadi karsanipun Gusti, nuntun mring tentrem rahayu tumrap saben titah.”