Elinga Lan Lakonana Pancaran Air Hidup 15 Januari 2025

15 January 2025

Waosan: Wilangan 27 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 320
Nats: Ature anak-anake Zelafehad iku bener; pancen sira wajib mandumi tanah ana ing antaraning para sadulure bapakne; warisan tinggalane bapakne iku kaeliha dadi duweke anake.” (Ayat 7)

Ing satunggaling dinten, Pak Abdul ngempalaken para putranipun lajeng dipun pangandikani. “Anak-anakku kabeh, bapak wis tuwa. Wis wayahe bapak arep crita marang kowe kabeh. Wis wayahe dipesthekake bab warisan kang dadi tinggalanku mengko. Kabeh wis dak tulis ana ing surat wasiat. Ora perlu kuwatir, kowe kabeh entuk panduman sing adil. Ora prelu meri siji lan sijine. Kanggone Bapak, sing luwih penting kuwi dudu bab omah, lemah, dhuwit, lan barang-barang kadonyan. Sing luwih penting saka iku, yaiku warisan iman. Wiwit lair kowe kabeh wis padha kabaptis lan dakwulang bab Iman Kristen. Kuwi sing luwih penting. Barang kadonyan yen rusak utawa ilang bisa golek maneh. Nanging sing jenenge iman kuwi aja nganti luntur, apa maneh ilang. Tansaha eling, aja padha ninggalake Gusti Allah. Tetepa sregep ngabekti, leladi, lan nresnani pepadha. Uga tansaha eling marang tanggung jawabmu kabeh, memulang anak-anak bab iman. Iman kang kuwat, kuwi bisa dadi gondhelaning urip.” Punika kalawau pangandikanipun pak Abdul dhateng para putranipun.

Wonten ing kitab Wilangan, bangsa Israel pinaringan kewajiban nyawisaken siti ingkang kapasrahaken dhateng tedhak turunipun minangka warisan. Lumantar warisan, punika ngemutaken bilih siti ingkang kita panggeni punika sanes gadhahan kita piyambak. Nanging punika ugi gadhahanipun anak turun kita. Mila kita kedah saged njagi lestantuning alam. Sampun ngantos jagad punika risak namung kangge nguja karemenanipun pribadhi, dene anak putu mboten pikantuk punapa-punapa. Lumantar andum warisan, kita kawulang supados nresnani generasi ingkang badhe dhateng. Berkahipun Gusti mboten namung kangge kita kemawon, nanging ugi kangge anak putu kita.

Iman kapitadosan dhumateng Gusti Allah punika saged dados warisan dhateng para anak putu kita. Srana iman dhumateng Gusti Yesus, kita kaparingan janji badhe manggen Kraton Swarga. Karana punika, mangga kita sami gulawentah para anak putu kita kanthi teman, supados para anak putu kita punika ugi pikantuk gesang langgen, warisan kaswargan ingkang kaparingaken dhateng para umat-Ipun Gusti ingkang setya dumugi pati. Amin. [ANS].

“Elinga lan tansah lakonana pangandikaning Gusti minangka warisan kang utama!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak