Prasetyanipun Gusti Allah Punika Nyata Pancaran Air Hidup 15 Desember 2025

15 December 2025

Waosan: Yesaya 29 : 17 – 24  |  Pamuji: KPJ. 145
Nats: “Para wong kang nandhang sangsara ana ing Pangeran Yehuwah bakal saya banget anggone asuka-suka, …” (Ayat 19a)

Gesangipun manungsa punika kados siswa ingkang sinau ing kelas. Nalika guru mulang, wonten sawetawis pelajaran ingkang gampil dipun mangertosi siswa, nanging ugi wonten pelajaran ingkang ewet dipun mangertosi siswa. Nalika wancinipun ujian, pelajaran ingkang gampil dipun mangertosi tamtu gampil dipun jawab. Nanging pelajaran ingkang ewet dipun mangertosi ugi ewet dipun jawab. Mila kangge nambah pangertosanipun, siswa punika kedah sinau malih utawi les, sinau kanthi temen lan sregep.

Waosan kita nedahaken kahanan bangsa Israel ing pundi kathah tiyang sengsara lan mlarat (Ay. 19). Para tiyang ingkang nindes sami nutupi kalepatanipun srana ngabekti ing Padaleman Suci (Ay. 13). Papan pangibadah dipun damel “ngresiki” dosa-dosa ingkang dipun tindakaken. Kathah tiyang ingkang “mempermainkan” hukum, ingkang leres saged dados salah lan ingkang salah saged dados bener (Ay. 21). Prekawis punika, katingal lan kapireng dening Gusti Allah, lajeng Panjenganipun ngandika, “Para wong kang nandhang sangsara ana ing Pangeran Yehuwah bakal saya banget anggone asuka-suka,…” (Ay. 19). Punika ateges bilih Gusti Allah badhe njejegaken keadilan lan mbebasaken tiyang ingkang katindhes. Gusti Allah badhe ngukum para tiyang ingkang tumindak mboten adil dhateng sesaminipun. Kathah tiyang Israel ingkang mboten mangertos kenging punapa gesangipun ngalami kasangsaran, ninggal negerinipun lan dipun bucal dhateng negri manca. Nanging, janjinipun Gusti Allah badhe kawujud lan pungkasanipun bangsa Israel badhe mangertos. Gusti Allah badhe ngowahi kahananipun bangsa Israel dados sae malih lan kebak kabingahan (Ay. 18-19). Saking ngriki Israel mangertos sebabipun sadaya kasangsaran ingkang dipun alami. Lan punapa ingkang kedahipun dipun lampahi, inggih punika sabar lan tabah, sami ngrantos wekdal pangluwaran punika kawujud.

Wonten wekdal ing gesang kita, kita ngraosaken gesang ingkang awrat lan kita mboten mangertosi sebabipun punika kedadosan ing gesang kita. Manut dawuh pangandikanipun Gusti dinten punika, mangga kita sinau sabar. Sabar punika mboten ateges kita namung mendel mboten nindakaken punapa-punapa, nanging kita tetep ngupadi gesang sanadyan awrat. Awit kita mangertosi kakiyatan kita kangge nglampahi gesang badhe tambah nalika kita netepi prasetyanipun Gusti Allah salebeting gesang kita. Amin. [wbk].

“Mantepa ing pitados, tetepana prasetyane Gusti ing lakumu!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak