Waosan : Lelakone Para Rasul 3 : 17 – 4 : 4 | Pamuji : KPJ. 309 :1,2
Nats: “Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten” (Ay. 19)
Paseksinipun rasul Petrus ing waosan punika estu ngedap-edapi, krana piyambakipun namung paraga prasaja, nanging saksampunipun kaparingan Roh Suci sinagetaken kanthi tatag ngabaraken bilih Gusti Yesus wungu saking antawisipun pejah. Pawartos punika estu damel sekeling penggalih para imam lan pengurus padaleman suci lan ugi para Saduki. Dene pancen nyata boten saged kabantah malih bilih gesang saksampunipun pejah punika kabukti ing Gusti Yesus. Punika njalari wetawis 5000 tiyang sami pitados bilih Gusti Yesus wungu lan mratobat tumrap punapa ingkang sampun dipun lampahi. Rasul Petrus namung ajrih dhateng Gusti Allah ingkang estu kuwaos tumrap pejah lan gesang. Kalangkung manteb malih nalika nyekseni piyambak bilih estu Gusti Yesus wungu lan ngatingal dhateng para sekabatiPun Gusti.
Ing wekdal pangajeng-ajeng minggu Adven punika kita sami kaatag wantun paseksi, nanging ugi purun ngakeni lan mratobat tumrap sedaya kalepatan kita dhateng Gusti Yesus. Punapa ing sadengah lampah kita sampun damel Gusti Yesus rena, utawi malah damel cuwaning manahipun Gusti. Ing pangatag pamratobat kita punika minangka sangu anggen kita mapag rawuhipun Gusti Yesus ing jagad saperlu mitulungi rahayu kita sedaya. Sumangga mumpung taksih wonten wekdal lan wewengan, kita nyawisaken manah kita, tetepa setya ndherek Gusti Yesus ngantos saparipurnaning gesang punika, temahan kabingahan gesang ingkang boten muspra sesarengan Gusti piyambak ingkang dados ganjaran kita ing selamining gesang. Amin. (LUV)
“Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.” (1 Kor 15:58)