Sing Sabar…Gusti Tamtu Paring Pitulungan Renungan Harian 15 Desember 2019

15 December 2019

Waosan : Yesaya 35 : 1 – 10    |     Pamuji  :  KPJ. 198
Nats:
”Sing padha tatag, aja padha wedi! Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales lan ganjaraning Allah. Panjenengane piyambak kang rawuh arep nguwalake kowe kabeh”. (ay.4b).

Kawontenan ing pigesangan kita samangke sedaya karaosaken sangsaya cepet (instan). Males masak, kepingin nedha, wonten warung siap saji, wonten mie instan. Badhe ngabari sedherek ing papan ingkang tebih, kantun telpon, nggantos chanel tv, kalih lenggahan sampun saged.  Kawontenan ingkang mekaten wau saged ndadosaken pengaruh ingkang awon tumrap iman kapitadosan kita dhumateng Gusti. Saweg ngalami prekawis, kita ndedonga kanthi pikajeng supados Gusti enggal-enggal mrantasi prekawis ing pigesangan kita. Nanging nalika prekawis ing pigesangan kita dereng saged dipun atasi, kita langsung nggadhahi pemanggih bilih Gusti punika mboten tresna dhateng kita. Pemanggih punika ingkang saged ndadosaken kita semplah ing pangajeng-ajeng, lan saged ndadosaken kita nilaraken Gusti.

Nalika semanten, bangsa Israel saweg ngalami prekawis ingkang awrat ing pigesanganipun. Sedaya punika karana bangsa Israel ngalami ancaman saking bangsa-bangsa ing sakiwa tengenipun, mliginipun saking bangsa Asyur ingkang saweg miyaraken wewengkonipun. Kawontenanipun Israel ingkang mrihatosaken punika kagambaraken kados dene: Ara-ara samun lan palemahan mati, tangan kang lemes, dhengkul kang tekluk. Ing satengahe kawontenan ingkang kados mekaten, bangsa Israel punika tamtu ngajeng-ajeng margi pangluaran. Saking ngriku, Gusti Allah lumantar nabi Yesaya paring kekiyatan lan panglipuran. Bangsa Israel dipun suwun supados tatag lan sampun ngantos ajrih. Awit Gusti piyambak ingkang bakal rawuh paring piwales, ganjaran lan nguwalaken bangsa Israel ingkang setya tuhu dhateng Panjenenganipun (ay. 4). Sedaya punika dipun wujudaken sarana ngewahi kawontenanipun Israel, inggih punika: ara-ara samun lan palemahan mati bakal padha bungah, pasamuwan bakal surak-surak lan metokake kemabang, tangan kang lemes kakuwatna, dhengkul tekluk kasantosakna. Nanging sedaya kedah sabar.

Napa samangke kita saweg ngalami prekawis? Kawontenan gesang ingkang nggegirisi? Sampun ngantos ngedumel, sambat punapa malih ngantos semplah. Sing padha tatag, aja wedi. Sampun ngantos kecalan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti. Gusti tamtu paring pitulungan lan nguwalaken kita saking kawontenan gesang ingkang nggegirisi. Nanging kita ugi kedah sabaar, awit pitulunganipun Gusti kadhang mboten instan. Amin. (DC)

Margi saking pitedah Paduka, Paduka tuntun, sarta ing wekasanipun Paduka pulung dhateng kamulyan” (Mzm. 73: 24)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak