Kakiyataning Pandonga Pancaran Air Hidup 15 April 2026

15 April 2026

Waosan: Yunus 2 : 1 – 10  |  Pamuji: KPJ. 178
Nats: “Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah, sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka wonten ing padalemen Paduka ingkang suci.” (Ayat 7)

Salah satunggaling cara ingkang dipun upadi kaliyan tiyang ingkang ngalami lemprek lan semplah, nggih punika ndedonga. Ing kahanan ingkang kados mekaten, pandonga dados prekawis ingkang wigatos sanget. Lumantar pandonga, tiyang ingkang nglemprek lan semplah nggadhah kakiyatan karana pangajeng-ajengipun tuwuh malih wonten ing gesangipun. Pandonga pancen mboten saged ngicalaken prekawis utawi masalah, nanging pandonga saged ndadosaken tuwuhing pangajeng-ajeng saha kakiyatan kangge ngadepi gesang.

Kados mekaten ingkang kalampahan ing gesangipun Yunus, ing waosan kita samangke. Yunus ingkang mbalela saking karsanipun Gusti Allah, kacariyosaken nampi piala lan ngalami musibah, dipun tedha ulam ageng ing segara. Ing kahanan ingkang mekaten, Yunus lajeng munjukaken pandonga dhumateng Sang Yehuwah. Nalika piyambakipun wonten ing kahanan nglumpruk nglemprek (Ay. 7), piyambakipun lajeng enget dhateng Sang Yehuwah lan ngaturaken pandonga dhumateng Panjenenganipun. Estu punapa ingkang dipun piji dening Yunus ing satengahing kahanan ingkang nggegirisi punika, pilihan ingkang sae sanget. Piyambakipun munjukaken pandonga dhumateng Sang Yehuwah. Anggenipun pasrah punika nuwuhaken berkah ingkang sae awajud pitulungan lan pangentasan saking kahanan ingkang nggerisi, inggih punika Yunus saged uwal saking wetengipun ulam ageng punika. Punika wujud berkah kawilujengan ingkang dipun paringaken Gusti Allah dhateng umat-Ipun ingkang tansah pasrah lan sumendhe dhumateng Panjenenganipun.

Punapa ingkang sampun kalampahan ing gesangipun Yunus punika mratelakaken dhateng kita bilih Gusti Allah tansah nguningani panyuwun lan pandonga kita para umat kagunganipun. Awit saking punika, bilih ing pigesangan punika kita ngalami kahanan utawi prekawis ingkang nggegirisi, swawi kita sowan lan munjukaken pandonga kita dhumateng Gusti Allah. Sampun ngantos kita salah anggenipun miji pilihan-pilihan ingkang wonten ing pigesangan kita. Swawi kita pitados bilih Gusti Allah tansah nguningani punapa ingkang dados pasambatan lan panyuwunan kita. Amin. [DAR].

“Sang Yehuwah nguningani pasambat kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak