Waosan: Jabur 16 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 94 : 1, 3
Nats: “Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula; kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka; ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.” (Ayat 11).
Temtu kita mboten asing kaliyan setunggal ukara ingkang nyebataken, ”Banyak Jalan Menuju Roma.” Ingkang artosipun, wonten kathah cara ingkang saged dipun lampahi, damel nggayuh tujuan ingkang dipun ajeng-ajeng. Nanging kados pundi bilih tujuan ingkang dipun ajeng-ajeng punika prekawis swarga utawi prekawis jaminan kawilujengan gesang langgeng, sasampunipun kita tilar donya? Punapa nggih, cara ingkang kedah dipun tindakaken punika saestu kathah, damel nggayuh swarga lan gesang langgeng punika? Kasunyatanipun minangka tiyang pitados, kita kedah nggadahi iman bilih cara damel nggayuh kawilujengan ingkang sejati punika namung satunggal, nggih punika namung wonten ing salebeting Gusti Allah Sang Yehuwah, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi. Nggih namung ing salebeting Gusti Allah Sang Yehuwah, ingkang kasunyatan mboten nate nilar umat kagunganipun ngantos salami-laminipun.
Iman ingkang mekaten ugi dipun gadhahi kaliyan Juru Mazmur. Dipun cariyosaken bilih juru Mazmur punika sampun saestu ngraosaken berkah saking Sang Yehuwah ing gesangipun. Miturut piyambakipun, tiyang ingkang nyembah dhateng illah sanes punika sangsaya mindhak ageng kasisahanipun (Ay. 4). Nanging tiyang ingkang rumaket kaliyan Sang Yehuwah, badhe pinaringan berkah, pangayoman, panganthi, kawicaksanan, tentrem rahayu, lan kawilujengan (Ay.7-10). Miturut juru Mazmur, margi damel nggayuh kawilujengan ingkang sejati namung satunggal, nggih namung ing salebeting Sang Yehuwah kemawon. Awit sampun nyata bilih Sang Yehuwah punika ingkang nedahaken margining gesang. Ing ngarsa-Nipun wonten kabingahan ingkang lumuber lan namung ing asta-Nipun Sang Yehuwah kemawon, wonten kanikmatan ingkang langgeng (Ay. 11).
Lajeng kados pundi kaliyan dhiri kita piyambak? Punapa kita saestu sampun wanuh kaliyan Sang Yehuwah lan sami nggadahi iman kapitadosan, kados dene juru Mazmur? Bilih dereng utawi taksih mangu-mangu, sumangga kita mantebaken malih iman kapitadosan kita. Awit sampun nyata wonten ing sejarah para leluhuripun bangsa Israel, gesangipun juru Mazmur, para nabi, para sakabat, ngantos ing dinten punika, margi lan kawilujengan ingkang sejati punika inggih namung ing salebeting Gusti Allah Sang Yehuwah. Amin. [YAH].
“Margi ingkang sejati namung ing salebeting Gusti Allah Sang Yehuwah”