Aja Sumelang Bab Uripmu Pancaran Air Hidup 13 September 2022

Bacaan: 2 Petrus 3 : 8 – 13 | Pujian: PKJ. 334
Nats: “Pangeran ora mblenjani janjine, sanadyan ana sawenehing wong kang ngarani mblenjani, nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.” (Ayat 9)

“Wis embuh, gak ngerti. Kunu-kunu sak karepe Gusti Allah. Urip yo panggah wae ora ono perubahan. Percuma lek ku sembayang ora ana sing tumus blas”, kanca kula ngudarasa. Sejatosipun kanca kula punika tiyang sae, rajin anggenipun ngabekti. Amargi wonten pambengan, lajeng piyambakipun nebih saking Gusti. Sampun dangu anggenipun mboten ngabekti dhateng Gereja. Puji Gusti, sakpunika piyambakipun sampun purun malih anggenipun ngabekti. “Sik talah, awakmu kuwi wis mulai tobat. Sregep ngabekti. Kok sambatan wae lek penjalukmu ora keturutan. Lah olehmu saiki eling ning Gusti, sregep ngabekti apa ya wis mbok sukuri. Njolak njaluk wae.” kula paring wangsulan.

Asring amargi sumelang prekawis gesang, pikiran saged peteng lan dadosaken manungsa punika tumindak mblasar, mboten ngener ing karsanipun Gusti, saged ugi mboten pitados malih dhumateng Gusti. Asring kita nyenyuwun supados Gusti Allah netepi sakabehing kekarepan lan pangajeng-ajeng kita. Kados-kados sedaya panyuwunan kita punika kedah kalampahan. Manungsa asring kesupen bilih ingkang kagungan pangwasa tumrap gesang kita punika Gusti Allah. Gusti Allah ingkang Maha Kwaos mboten badhe mblenjani janji, ananging manungsa ingkang ringkih lan mboten sampurna punika ingkang asring mblenjani janji (Ay. 9), punapa punika dhumateng Gusti Allah utawi sesami.

Waosan 2 Petrus 3:8-13 punika ngemutaken kita, sampun ngantos kita rumaos kuatir, ajrih, lan sumelang tumrap gesang kita, awit Gusti Allah tansah setya. Sampun ngantos kita punika namung mikir kabetahan gesang kita kemawon, ananging mangga kita saged ngraita punapa gesang kita sampun kebak saos sokur? Punapa lampah gesang kita sampun miturut ingkang dipun kersakaken Gusti? Sampun ngantos kita tumindak mblasar ingkang saged dadosaken gesang kita sangsaya awrat. Tiyang gesang mesthi nemani pambengan. Sumangga kita nglampahi gesang kanthi kasabaran, sampun kendhat anggenipun kita nyenyuwun lan dedonga dhumateng Gusti. Saestu Gusti Yesus tansah nganthi kita. Amin. [Sungsang].

“Amarga ati kang remuk mung bakal kawaras, kanthi ati kang tulus lan pasrah marang Gusti”

 

Bagikan Entri Ini: