Makarya Tanpa Winates Pancaran Air Hidup 13 Oktober 2025

13 October 2025

Waosan: 2 Para Raja 5 : 15 – 19a  |  Pamuji: KPJ. 161
Nats: “Wasana Sang Naaman banjur ngandika: “Manawi makaten, keparenga kula nyuwun siti samomotaning bihal sarakit, awit ingkang abdi boten badhe caos kurban obaran utawi kurban sembelehan malih dhateng allah sanesipun kejawi dhateng Pangeran Yehuwah.” (Ayat 17)

Limrahipun tiyang punika nggadah pangajeng-ajeng saged ngraosaken gesang kebak kabingahan lan katentreman. Karana punika, piyambakipun ngupaya kanthi temen kangge nggayuh kabingahan lan katentreman punika. Wonten tiyang ingkang ngupaya dhateng dokter utawi griya sakit nalika nandang sesakit, pados kasarasan. Wonten tiyang ingkang makarya wiwit enjing ngantos dalu, pados arta kangge nyekapi gesangipun lan brayatipun.  Mila ing sadengah kahanan punapa kemawon, prayogi bilih kita tansah saos sokur dhumateng Gusti, awit Gusti Allah punika ingkang dados sumbering kabingahan dan katentreman gesang kita.

Kabingahan sejati ugi dipun raosaken dening Naaman. Naaman punika senopati saking Aram. Ateges piyambakipun sanes saking bangsa ingkang pitados dhumateng Gusti Allah. Ananging lumantar Elisa, Gusti paring berkah dhateng Naaman. Sakit penyakit ingkang dipun alami saged saras. Naaman saged luwar saking sakit Kusta. Kasarasan punika dados kabingahan ingkang ageng kagem Naaman. Kabingahan punika ndadosaken Naaman memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti Allah sanadyan piyambakipun dereng saestu tepang kalian Gusti Allah. Berkah ingkang dipun tampi Naaman punika dados jalaran ingkang adi kagem Naaman, wusananipun piyambakipun badhe paring korban bakaran sarta masrahaken sadaya gesangipun kagem kamulyanipun Gusti Allah.

Lumantar cariyos Naaman punika, kita mangertos bilih Gusti Allah makarya ing sok sintena kemawon. Gusti Allah punika mboten namung Gustinipun tiyang Israel kemawon, nanging Gustinipun sadaya umat ing alam donya. Lumantar Elisa kita saged mangertos bilih tugas lan tanggel jawab peladosan punika mboten namung kangge golongan kita piyambak. Gusti Allah ngersakaken supados kita ugi purun lelados dhateng tiyang sanes sanadyan benten kapitadosan, suku, golongan, lsp. Kabingahan lan katentreman punika berkahipun Gusti dhateng sadaya umat manungsa. Ing ngriki, para tiyang pitados kedah purun dados sarana nglantaraken kawilujengan saking Gusti supados kabingahan lan katentreman tansah tumrah ing sadaya titahipun Gusti. Amin. [Sungsang].

“ Sadayanipun manungsa tansah dipun berkahi dening Gusti Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak