Aja Laku Duraka! Pancaran Air Hidup 13 November 2025

13 November 2025

Waosan: Rum 1 : 18 – 25  |  Pamuji: KPJ. 203
Nats: Sabab bebendune Gusti Allah kalairake saka ing swarga marang sarupaning pamblasar lan durakaning manungsa kang nampik kayekten marga dening duraka.(Ayat 18)

Nalika mirsani film action lan ningali lakonipun ngadepi pambengan, dipun kuyo-kuyo, nampi kasangsaran, kita asring wicantenan, “biasa kuwi lakon wiwitane mesti kalah, pungkasane mesti menang.” Pangertosan ingkang kados mekaten punika ngetingalaken bilih kita punika nggadhahi pemanggih sok sinten kemawon ingkang laku bener mesti mboten badhe kalah kaliyan tiyang ingkang laku duraka, utawi kabeneran punika mboten badhe katindes dening sarupaning piala. Sanadyan wiwitanipun katah reribet ingkang dipun alami lan dipun raosaken, pungkasanipun mesti badhe menang lan nampi kawilujengan.

Gusti Allah punika mboten remen mirsani umat kagungan-Ipun nglampahi tumindak dursila lan fasik. Panjenenganipun mboten remen mirsani manungsa ingkang langkung milih tumindak duraka tinimbang tumindak bener, remenipun blasar ing satengahing pigesangan, lan mboten setya tuhu dhumateng karsan-Ipun. Kasunyatanipun, sanadyan manungsa sampun dipun paringi pangertosan dening Gusti Allah prekawis ingkang wigatos, inggih punika bab katresnan lan kabeneran, ananging manungsa asring tumindak duraka lan cidra, mboten ngener ing margi ingkang leres miturut Pangandikanipun Gusti Allah.

Paulus paring pitedah dhumateng warga pasamuan ing kutha Rum bilih Gusti Allah mboten namung paring bebendu dhateng tiyang ingkang blasar lan duraka. Sanyatanipun Gusti Allah tansah mbelani para tiyang ingkang tumindak bener lan katindes dening piala. Karana punika, tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Allah sampun ngantos nggadhah raos sombong lan rumaos bener piyambak. Sak temenipun manungsa punika ringkih lan taksih mbetahaken kawicaksanan saking Gusti Allah. Pramila mangga kita nglampahi gesang padintenan kita tansah manut miturut dhateng karsanipun Gusti Allah. Sampun ngantos kita namung ngandelaken pikajengipun piyambak. Gusti Allah ngersakaken supados kita punika saged tumindak bener lan nresnani sesami supados gesang punika kebak kabingahan lan katentraman. Amin. [Sungsang].

“Aja rumangsa bisa, ananging bisa rumangsa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak