Atur Pamuji Dhumateng Gusti Allah Srana Pandonga Pancaran Air Hidup 13 Mei 2023

13 May 2023

Waosan: Jabur 66 : 8 – 20 ǀ Pamuji: KPJ. 176 : 1, 2
Nats:Pinujia Gusti Allah, kang ora nampik pandongaku lan ora nyukengi sih kadarmane marang aku.” (Ayat 20)

Bab dedonga sampun dados prekawis ingkang limrah katindakaken dening para umat kagunganipun Allah. Wonten ing pandonga punika saben tiyang saged ngaturaken punapa kemawon ing ngarsanipun Gusti Allah. Saben tiyang saged nyenyuwun dhumateng Gusti Allah punapa ingkang dados pepinginanipun, kejawi punika ugi saged saos sokur dhumateng Gusti Allah awit berkah ingkang dipun paringaken dhumateng para umat kagunganipun. Nanging, sumangga kita sami enget-enget malih punapa ingkang asring kita aturaken dhumateng Gusti Alah ing pandonga: “Panyuwunan punapa saos sokur?”

Gusti Allah tansah mirengaken punapa ingkang dados pasambat lan panyuwunan para umat kagunganipun gegayutan kaliyan punapa ingkang dipun alami. Ing salajengipun Gusti Allah karsa tumindak mujudaken pakaryan-Ipun paring pitulungan dhumateng para umat kagungan-Ipun. Pakaryanipun Gusti Allah punika saged kemawon boten sami kaliyan punapa ingkang dados angen-angen kita. Nanging kita pitados bilih anggenipun Gusti nindakaken pakaryanipun, Panjenenganipun langkung pirsa punapa ingkang dados kabetahan kita. Pramila, Panjenenganipun maringaken dhateng kita punapa ingkang kita betahaken, sanes punapa ingkang dados pepinginan kita. Pakaryanipun Gusti Allah ingkang kados mekaten punika paring pangertosan dhateng kita, bilih Panjenenganipun tansah paring kawigatosan dhateng saben tiyang ingkang ngalami pakewet ing gesangipun. Kejawi punika ugi tansah nresnani para umat kagunganipun kanthi paring pitulungan.

Katresnan lan pitulunganipun Gusti Allah punika perlu tansah kita enget lan kita tanggapi kanthi ngaturaken saos sokur dhumateng Panjenenganipun. Ing pandonga kita pancen asring ngaturaken kathah sanget panyuwunan gegayutan kaliyan pakewet. Nanging, sampun ngantos kita kesupen bilih Gusti Allah tansah pirsa kawontenan punapa kemawon ingkang kita alami. Malah, saderengipun nyenyuwun Gusti Allah langkung rumiyin maringaken punapa ingkang dados kabetahan kita. Pakaryanipun Gusti Allah ingkang mekaten punika perlu tansah kita enget lan kita lairaken ing pandonga. Pramila, ing pandonga kita ugi perlu nglairaken kathah pepujian dan saos sokur dhumateng Gusti Allah. Amin. [HSW].

“Ing pandonga boten namung nglairaken panyuwunan dhumateng Gusti Allah,
nanging ugi nglairaken pepujian lan saos sokur kagem Panjenenganipun”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak