Waosan: Dhaniel 7 : 13 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 334 : 1, 3
Nats: “Panguwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku Karajan kang ora bakal rusak.” (Ayat 14b).
Pigesangan ing alam donya punika mesthi gilir gumantos. Godhong-godhong ingkang garing sami rontog lajeng bakal ginantos kuncup enggal. Pakaryanipun manungsa ing jaman samangke bakal dipun gentosi kaliyan turunipun, lsp. Pancen, samubarang ing alam donya punika boten wonten ingkang langgeng. Sadaya mesthi gilir gumanti lan bakal manggih wekasanipun. Mila boten sekedhik manungsa ingkang rumaos ajrih lan sumelang, punapa malih ingkang batosipun dipun kwasani marang bab kadonyan, gesangipun mesthi kalimputan ing kasisahan. Sacara kamanungsan, kita ringkih sanget ngadhepi kasunyatanipun pigesangan ingkang boten langgeng punika, nanging minangka tiyang pitados, kita sami kaparingan pangajeng-ajeng ingkang mantheb lumantar pangandel kita marang Gusti Allah.
Daniel minangka abdinipun Gusti manggih paningalan mawi mimpi, bilih Putraning Manungsa bakal rawuh sarta kaberkahan panguwaos ingkang langgeng, ingkang boten badhe sirna, sarta karajanipun punika Karajan boten badhe rusak (ay. 14). Paningalan mawi mimpi punika nedahaken bab pameca Sang Mesias ingkang badhe rawuh lan milujengaken bangsa Israel ingkang ngalami panindhes ing astane Prabu Belsyazar, ratuning Babil. Paningalanipun Daniel punika estu pitedah saking Gusti Allah marang bangsa Israel supados tansah ngantebi iman ing satengahing kasangsaran-panindhesan. Dene Gusti Allah bakal nyumurupaken Panguwaosipun ingkang jalari kawilujengan tumrap umat kagunganipun. Bangsa-bangsa ingkang ngegungaken kakiyatan lan gumunggung dipun gambaraken kadya kewan ageng sekawan (ay. 3). Sadaya punika bakal tanpa daya ing ngarsanipun Gusti Allah, awit Panjenenganipun ingkang nitahaken langit lan saisining bumi, ingkang panguwaosipun tan winates salami-laminipun.
Boten lepat, manawi manungsa rumaos ajrih nyadhari kawontenanipun ingkang winates sanget lan ringkih. Nanging kita minangka umat pitados, kedah ngugemi bilih Gusti Allah ingkang kita sembah estu kagungan panguwaos ingkang nglangkungi samubarang ing alam donya, nglangkungi kawontenaning gesang kita ingkang rumaos ajrih lan sumelang. Pramila kita kedah tansah saos sokur, awit kita umat kagunganipun Gusti Allah ingkang kebak ing panguwaos lan sih tresna, satemah kita kaparingan kekiyatan lan kesanggeman kangge nglampahi pigesangan kanthi manteb saha kebak ing kabingahan. Sanadyan ta mangsa boten langgeng, mesti gilir gumantos, nanging kita boten ajrih-sumelang, malah sansaya manteb ing pangayomanipun Gusti Allah ingkang panguwaosipun tan winates salaminipun. Amin. [mojo].
“Aja sumelang bab uripmu, Allah yeku Rama, ngreksa sira salaminya.”