Lanang Sejati Dudu Macho Renungan Harian 13 Maret 2018

13 March 2019

Waosan : Ayub 1 : 1 – 21 | Nyanyian : KPJ 329
Nats : “Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; Esuke isih umun-umun, Ayub wis tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku [ayat 5b]“

Brayat utawi kulawarga punika dumados karana perkawinan lan tunggal trah. Sesambetanipun kiyat karana bebrayatan nunggilaken sedaya anggotanipun dhateng tujuan ingkang sami. Jatining diri, status lan kepribadian winangun ing tengahing gesang bebrayatan: bapak-ibu-anak,mbah kung- putri, putra-wayah lsp. Karana gadhah brayat, kita sumerep sinten kita, sesambetan menapa ingkang langkung kita tengenaken, lan kaliyan sinten kemawon kita mujudaken lan nguri-uri sesambetan kita. Kepentingan keluarga dados dhasar ingkang utama ditengenaken nglangkungi kepentingan sanesipun.

Ayub menika tiyang sibuk, akas, lan temen nyambut damelipun. Krana menika piyambakipun sugih bandha lan kajen. Bab sesambetan kaliyan Gusti Allah, piyambakipun ugi menika mboten nate lirwa. Makaten ugi wekdal kangge brayatipun. Pandonga/pangibadah enjing secara pribadi kaunjukaken, makaten ugi tansah nyaosaken sedaya brayatipun (anak-anak) ing ngarsanipun Allah. Tresnanipun dhateng brayat diwujudaken sarana mbudidaya nyekapi sadaya kabetahan materi-kajasmanenipun lan ing gesang karohanen tansah nuladani kautaman lan dados pangemban (pembela) kasekengan/karingkihan brayatipun ing ngarsane pangadilan Allah. Brayatipun Ayub menika brayat ingkang tumata.

Gesang ing jaman modern menika lampahipun seser. Wonten ingkang mastani jaman“mobile”. Kathah tiyang sibuk nyambut damel, lelungan lan sibuk nyambut damel ngantos nilar keluarga lan greja kangge nglumpukaken bandha ingkang langkung kathah. Menika mrihatosaken. Menawi kita saged nyadhari lan menggalih malih, sejatosipun menapa ingkang saestu wigati/aji kangge brayat kita.Gesangipun Ayub menika satunggaling conto kados pundi tiyang jaler ingkang nresnani lan tanggel jawab dhateng brayatipun kanthi jangkep. Kasucenipun gesang bebrayatan ing ngarsanipun Allah menika perkawis ingkang wigati. Sampun ngantos kita tinemu sugih ing panyawang sapepadha nging dipuntampik dening Gusti Yesus Kristus.

Sampun pinten warganing pasamuwan, brayat Kristen GKJW ingkang mboten nindakaken malih doa pagi utawi doa malam kangge brayatipun ? Punapa menika ugi kalebet brayat kita piyambak ? Kados pundi kita badhe miwiti malih pandamel becik menika ing satengahing brayat kita ? [PAY]

Aja padha semoyo, ndang dilakoni !

Renungan Harian

Renungan Harian Anak