Kasetyan Pancaran Air Hidup 13 Juli 2026

13 July 2026

Waosan: Kaimaman 26 : 3 – 20  |  Pamuji: KPJ. 118
Nats: Nanging ingsung bakal ana ing tengahira lan bakal dadi Allahira lan sira padha dadi umatingSun.” (Ayat 12)

Bilih kita nggadhahi taneman wonten ing griya kita, tamtu saben dinten badhe kita rimati, kita sirami, kita resiki suketipun, lan kita rabuk supados taneman punika saged tuwuh lan ngedalaken woh ingkang sae. Kangge ngraosaken asil utawi woh saking taneman punika, kita kedah sabar lan setya anggenipun ngrimati. Kosok wangsulipun bilih kita mboten nate ngrimati taneman punika, mboten nate kita sirami, lan mboten nate kita rabuk, tamtu taneman punika mboten tuwuh punapa malih ngedalaken woh, malah saya dangu taneman punika badhe mati.

Waosan kita saking Kaimaman 26:3-20 punika nyariosaken bab berkah lan kutuk. Kanggenipun umat ingkang setya tuhu dhumateng Gusti Allah, manut karsanipun Gusti, piyambakipun badhe kaparingan berkah saking Gusti. Berkah arupi woh asil olah tetanen, tentrem rahayu, menang saking mengsah, kaparingan anak lan wayah (Ay. 4-9). Umat ingkang gesangipun setya tuhu, nindakaken punapa ingkang dados tanggel jawabipun, Gusti Allah badhe paring pangrimatan ingkang sae dhateng gesangipun. Kosokwangsulipun, kanggenipun umat ingkang mboten setya lan nglirwakaken dawuh pangandikanipun Gusti Allah, piyambakipun badhe nampi paukuman lan kutuk. Paukuman punika kados: sakit, gagal panen, kawon saking mengsah, lan gesangipun mboten tentrem (Ay. 16-18).

Ing pekan kebangunan wanita wekdal punika, cariyos tiyang ingkang setya ngrimati tetanemanipun lan cariyos bab berkah lan kutuk punika paring pepenget kangge kita mliginipun para wanita supados gesang ing kasetyan. Kasetyan punika saged kita wujudaken lumantar peran kita, sae wonten brayat minangka semah lan ibu, ing pasamuwan minangka majelising pasamuwan utawi pamong, lan ugi ing masyarakat minangka tiyang Kristen. Lumantar peran punika, kita mliginipun para wanita dados paseksinipun Gusti, martosaken Kratoning Allah dhateng sok sintena kemawon ing antawis kita. Sumangga ing pekan kebangunan wanita wekdal punika, kanthi kebak semangat, kita sadaya mliginipun para wanita makarya nindakaken ingkang dados peran kita kanthi setya. Kanthi punika gesang kita saged dipun raosaken lan migunani kangge sesami. Amin. [iv].

“Tansah setya ngrimati gesang, kangge nuwuhaken woh ingkang sae.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak