Rah_Ayu Renungan Harian 13 Juli 2019

Waosan : Yokanan 3 : 16 – 21  |   Pamuji :  KPJ. 136
Nats: “Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad” (ayat 17)

Tiyang sepuh kala rumiyin anggenipun paring tetenger dhumateng anak mesthi wonten makna lan tujuan ingkang sae. Umpaminipun anak dipun paring tetenger; Rahayu, Slamet, Bejo, Wilujeng. Saking nami ingkang sampun kasebataken kalawau, tiyang sepuh gadhah tujuan lan pengajeng-ajeng supados ing salebeting gesangipun, anak tansah ngraosaken karahayon, keslametan, kabegjan lan kawilujengan. Ananging punapa inggih leres anak ingkang sampun dipun paringi tetenger Rahayu, Slamet, Bejo, Wilujeng kalawau secara “otomatis” ngraosaken karahayon, keslametan, kabegjan lan kawilujengan ing gesangipun? Dereng tamtu!.

Waosan kita mratelakaken kanthi cetha sanget tujuanipun Gusti Allah ngutus Kang Putra ontang-anting (Gusti Yesus) rawuh wonten ing jagad, inggih punika:

  1. Supados saben tiyang ingkang pracaya marang Panjenenganipun mboten nemu karusakan, nanging gadhahi gesang langgeng (ayat 16). Gadhah gesang langgeng punika ateges gesang ingkang tansah karengkuh ing panguwaosipun Gusti, sae punika nalika kita taksih gesang wonten ing jagad lan ugi nalika kita sampun katimbalan sowan marek wonten ngarsanipun Gusti Allah.
  2. Mboten ngadili jagad ananging mitulungi rahayu marang jagad (ayat 17).

Supados kalih tujuan pakaryanipun Gusti Allah punika saged mawujud ing jagad, kita kedhah PRACAYA marang Panjenenganipun. Sabab, senajan Gusti Allah gadhah tujuan ingkang sae bilih kita mboten pracaya, tujuan sae punika bakal muspra tanpa guna. Ing waosan kita ugi kategesaken bilih kita saestu pracaya kita mboten nampi paukuman. Kosokwangsulipun, bilih kita mboten pracaya kita sampun kapatrapan paukuman (ayat 18). Pracaya mboten cekap wonten ing tetembungan lan pengaken. Pracaya punika kedah kawujudaken ing salebeting tumindhak utawi perbuatan gesang kita.

Gusti Allah gadhah tujuan lan pakaryan ingkang sae dhumateng jagad lan saisinipun sarana masrahaken Gusti Yesus minangka putra ontang-anting. Gusti sampun paring rah_ayu (rah: darah, ayu: cantik, suci) dhumateng kita. Pramila sumangga kita nanggepi utawi merespon tujuan lan pakaryanipun Gusti Allah kala wau kanthi saestu pracaya marang Panjenenganipun, temahan kita nampi karahayon ing salebeting gesang kita. (Gimbul).

“Pracayamu dasaring nampa rahayu”

 

 

Bagikan Entri Ini:

  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •