Kabaptis Lan Owah Pancaran Air Hidup 13 Januari 2026

13 January 2026

Waosan: Lelakone Para Rasul 8 : 4 – 13  |  Pamuji: KPJ. 299
Nats: Nanging saiki padha pracaya marang Sang Filipus, kang martakake Injile Kratoning Allah sarta bab asmane Gusti Yesus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon.” (Ayat 12)

Punapa panjenengan nate kagungan lampu senter ingkang ketingalipun sae, nanging nalika dipun ginakaken, mboten murup? Sasampunipun dipun priksa, ketingal bilih baterainipun dereng wonten. Sanadyan wadahipun utuh lan ketingal normal, nanging mboten saged dipun ginakaken awit dereng kaisi daya (Bateray). Gesangipun tiyang pitados ugi saged kados makaten. Kita saged katingal “sae” saking njawi, ajeg rawuh ing greja, ndherek kegiatan pasamuwan, malah sampun dibaptis, nanging punapa gesang kita sampun kaisi lan manut dhumateng Sang Roh Suci ingkang dados dayaning gesang kita?

Wonten ing Kitab Lelakone Para Rasul 8:4–13, kita maos cariyos kawilujengan ingkang kadadosan nalika Filipus martosaken Injil ing tanah Samaria. Tanah Samaria punika asring dipun anggep asor dening bangsa Yahudi, nanging ing ngriki malah dados papan ingkang nampi Injil kanthi bingah. Kathah tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus, lajeng dipun baptis lan ngraosaken kabingahan ingkang ageng. Prastawa punika nedahaken bilih baptisan punika mbikak margi kagem Sang Roh Suci makarya ing gesangipun tiyang pitados. Baptisan punika mboten namung upacara agamawi kemawon, awit lumantar baptisan punika, tiyang pitados dipun temtokaken minangka perangan Sariranipun Sang Kristus lan nampi daya saking Sang Roh Suci kangge nglampahi gesang enggal. Simon ingkang waunipun dados tukang sihir ugi pitados lan dipun baptis. Nanging, pamanggihipun taksih lepat, piyambakipun nyangka bilih daya saking Sang Roh Suci punika saged dipun tumbas. Punika dados pepeling kangge kita sadaya, bilih baptisan tanpa laku pamratobat lan pangertosan bab Gusti Yesus saged dados pemanggih ingkang lepat. Lumantar baptisan punika, Sang Roh Suci mlebet lan makarya wonten ing gesang kita.

Dinten punika kita dipun engetaken, kanggenipun kita ingkang sampun dipun baptis, punapa gesang kita sampun dipun pimpin lan dipun ewahi dening Sang Roh Suci? Baptisan punika sanes wekasan, nanging wiwitan. Sang Roh Suci tansah nunggil kita, ngowahi tumindak kita ingkang lepat, ngiyataken gesang kita, saha paring kawicaksanan salebeting gesang kita saben dinten. Sumangga kita mbikak manah kita jembar-jembar supados Sang Roh Suci gesang lan makarya wonten ing kita, saha gesang kita saged dados pepadhang lan kabingahan tumrap sesami. Amin. [KYP].

“Sang Roh Suci makarya, uripku owah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak