Komitmen Pancaran Air Hidup 13 Januari 2025

13 January 2025

Waosan: Para Hakim 4 : 1 – 16  |  Pamuji :  KPJ. 136
Nats: “Pangandikane Ibu Dhebora: Iya becik, aku bakal mbarengi lakumu, mung bae dudu kowe kang bakal dadi kajen ana ing lakumu saangkatan iki, amarga Sisera iku bakal diulungake Sang Yehuwah marang tangane wong wadon.” (Ayat 9)

Saben tiyang gesang punika tamtunipun nggadhahi komitmen, sae dhateng dhirinipun, dhateng sesami, ugi dhumateng Gusti Allah. Komitmen punika kedhah dipun dadosaken gondelan ing gesang supados punapa ingkang dados pangajeng-ajeng utawi pepinginan saged kawujud kanthi sae. Contonipun ing gesang bebrayatan: tamtunipun nalika taksih kataksasi nikah sampun dipun aturi supados damel komitmen sesarengan kaliyan calonipun. Punapa ingkang sampun dados komitmen sesarengan punika kedah dipun gondeli supados gesang bebrayatan punika saged langgeng lan binerkahan. Ananging, bilih wonten salah satunggal ingkang mblenjani komitmenipun, punika bakal ndadosaken crah ing satengahing brayat.

Kados mekaten gambaran ingkang sampun kalampahan ing antawisipun Ibu Dhebora kaliyan Barak. Kekalihipun sampun sarujuk badhe sesarengan maju perang nglawan Sisera, senapatinipun ratu Kanaan. Sasedanipun Ehud, bangsa Israel nglampahi pigesangan ingkang ala lan tebih saking karsanipun Gusti Allah. Bangsa Israel ngraosaken sisah lan kawratan amargi mboten wonten ingkang mimpin lan mranata bangsa punika. Punapa malih nalika kedah ngadhepi panindhes saking Prabu Yabin, ratu ing Kanaan. Pungkasanipun punapa ingkang dados pangajeng-ajeng bangsa Israel supados saged uwal saking kasangsaran karana panindhes saking ratu Kanaan, saged kawujud kanthi sae. Babagan punika saged kalampahan karana prajanji utawi komitmen ingkang dipun ugemi sesarangan antawisipun Ibu Dhebora kaliyan Barak. Lumantar, komitmen punika Barak saged ngawonaken Sisera lan ngupadi karahayon tumrap gesangipun bangsa Israel.

Punapa ingkang sampun kalampahan ing gesangipun Ibu Dhebora lan Barak ngengetaken kita sami bilih ing gesang punika kita kedah ngugemi komitmen. Punika dados salah satunggaling cara kita ngupadi karahayon wonten ing pigesangan. Mugi kita sadaya saged tumemen anggenipun netepi komitmen ingkang sampun kita damel seserangan, sae dhateng dhiri kita piyambak, dhateng sesami, mliginipun komitman kita dhumateng Gusti Allah. Amin. [DAR].

 “Lumampah ing gesang ingkang ngupadi karahayon.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak