Tansah Setya nganthi Paripurna Pancaran Air Hidup 13 Desember 2022

13 December 2022

Waosan: Yudas 1 : 17 – 25 ǀ Pamuji: KPJ. 285 : 1, 2
Nats:Nanging kowe para kekasih, padha mbanguna awakmu dhewe, kadhasarana pracayamu kang suci pinunjul, sarta ndedongaa ana ing patunggilane Sang Roh Suci.” (Ayat 20)

Dietrich Bonhoeffer salah satunggaling teolog misuwur saking Jerman, nalika gesang piyambakipun saestu nindakaken katresnan ingkang dipun wucalaken Gusti Yesus sanadyan kathah pambengan lan toh nyawa. Nalika wonten perang ing Jerman, piyambakipun saged nylametaken dhirinipun piyambak sarana nampi tawaran dados profesor ing salah satunggaling sekolah teologi ing Amerika. Ananging Bonhoeffer langkung milih wangsul dhateng Jerman lan berjuang kangge sederek-sederek ingkang ngalami Genosida karana Adolf Hitler. Bonheoffer aktif ngemutaken greja supados wantun nglawan tumindak ingkang mboten adil. Malahan piyambakipun nate nulungi tiyang Yahudi ingkang sami ngungsi dhateng Swiss, sanajan kathah pambengan lan ancaman, piyambakipun mboten ajrih. Tanggal 9 April 1945, Bonhoeffer dipun ukum pati kanthi cara dipun gantung wonten ing kamp konsentrasi Flossenburg. Piyambakipun sacara kamanungsan pejah, ananging punapa ingkang dipun perjuangaken punika langgeng lan saged maringi kaadilan tumrap tiyang sanes.

Wonten ing seratipun Yudas ngemutaken sadaya tiyang pitados bilih wonten ing pungkasan jaman badhe wonten Mesias palsu lan piwulang palsu. Matemah tiyang pitados kedah tansah mawas dhiri, setya nderek Gusti ngantos pungkasan gesangipun, mboten kagoda lan kebliyur piwulang palsu ingkang nengsemaken. Kados pundi caranipun: tansah emut dhawuh pangandikanipun Gusti lan nindakaken ing gesangipun. Pangandikanipun Gusti punika dados sarana kangge mbangun dhiri, ndadosaken manungsa punika eling lan waspada wonten ing satengahing gesang. Mekatena ugi sarana nindakaken pangandikanipun Gusti punika, gesang kita saged dados berkah kangge sesami. Kita ugi wantun ngemutaken sederek-sederek ingkang mblasar lan mburu pikajengipun piyambak, supados sederek kita punika sami mratobat sarta gesang enggal, setya tuhu nderek Gusti nganthi tumekaning pati.

Wonten ing masa adven punika kita dipun emutaken bilih rawuhipun Gusti sangsaya celak. Nalika mapag rawuhipun Gusti punika kita kedah setya tuhu miturut dhawuhipun sanadyan kathah pambengan lan panggodha ingkang kita alami. Mangga kita tansah mbangun dhiri, eling lan waspada, setya nderek Gusti lan leladi nganthi pungkasaning gesang kita. Amin. [cha].

“This is the end for me, but the beginning of life.” (Dietrich Boenhoeffer)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak