Waosan: Yesaya 50 : 4 – 9a ǀ Pamuji: KPJ. 132 : 2
Nats: “Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid.” (Ayat 4b).
Wonten unen-unen ingkang mekaten: “Gusti Allah nitahaken manungsa mawi kalih mripat lan kalih kuping, nanging satunggal kangge cangkem. Panjenenganipun ngersakaken umat-Ipun supados sekedhik ing wicara, nanging asring midhangetaken.” Pancen bab midhangetaken punika sanes prakawis ingkang gampil, boten namung mbetahaken katlatenan ing pamirengipun, nanging ugi betahaken konsentrasi. Mula bab midhangetaken boten namung saking sawijining peranganing badanipun manungsa (kuping), nanging ugi mripat lan lintunipun. Tiyang ingkang midhangetaken kanthi tulus, esuk bakal ngunduh kawicaksanan tinimbang tiyang ingkang remen ing wicara, nanging boten purun midhangetaken liyan, linangkung kawontenanipun “abdi” tumrap bendaranipun.
Nabi Yesaya punika abdi ingkang kapiji dening Gusti Allah ingkang nindakaken tugas lan tanggel jawab nglantaraken Sabdaning Allah dhateng bangsa Israel. Sanadyanta sinebut abdining Allah, kalenggahan punika sanes bab ingkang dipun alembana, nanging nggadhahi jejibahan lan tanggel jawab ingkang ageng, inggih punika martosaken Sabdanipun Allah dhateng umat. Supados jejibahan lan tanggel jawab minangka abdi punika saged kelampahan kanthi prayogi, “sang abdi” kedah mangun sikap miturut dhumateng Gusti Allah. Mila Nabi Yesaya ngendika dhateng bangsa Israel supados tansah midhangetaken panggulowentahing Gusti Allah, kados dene murid ingkang cumadhang ngangsu kawruh. Punika ingkang jalari remening Gusti Allah nalika abdinipun kersa mbangun miturut sarta midhangetaken dhawuhipun. Kosok wangsulipun, nalika abdi punika tumindak mbalela/ duraka dhumateng Gusti, piyambakipun bakal nampi paukuman.
Bangsa Israel minangka umat ingkang kapiji dados abdi dening Gusti Allah, dipun emutaken supados boten nindakaken prakara ingkang anerak dhumateng Gusti, nanging ditansah setya tuhu midhangetaken dhawuhipun Gusti Allah, supados nampi kawilujengan ing mangsa pambucalan. Mekaten ugi, kita para pandherekipun Gusti, para abdi ingkang kautus mbabarken pakaryanipun Sang Kristus ing alam donya. Sumangga kita sami mangun gesang kanthi mbangun miturut dhumateng Gusti. Mangga kita kadya murid ingkang setya midhangetaken Sang Guru. Kita purun setya midhangetaken Sabdanipun Gusti Yesus ing satengahing tantangan lan pergumulan ing alam donya punika. Satemah gesang kita tansah katuntun kanthi wilujeng ing padhanging kawicaksanan saking ngaluhur. Amin. [mojo].
“Asring midhangetaken linangkung becik tinimbang asring wicara.”