Waosan : Yesaya 35 : 3 – 10 | Pamuji : KPJ 425
Nats: “Wong wuta bakal bisa ndeleng, Wong budheg bakal bisa krungu, Wong lumpuh bakal mlumpat kaya menjangan, Wong bisu bisa surak-surak, ing segara wedhi bakal metu banyuné, lan kali-kali bakal mili ana ing ara-ara samun.” [ayat 5-6]
Kitab Nabi Yesaya menika kebak isi pameca (nubuat). Dene waosan kita saking kitab Nabi Yesaya dinten menika isi pameca bab tumrahing sagung berkahipun Gusti Allah dhateng umatipun. Berkah-berkahipun Gusti Allah menika boten namung kagem manungsa, boten namung kagem makluk ingkang gesang kados kewan-kewan, nanging ugi tumrap siti lan toya. Berkahipun Gusti Allah murakapi sedaya titahipun. Pameca menika nedahaken agunging sih katresnanipun Gusti Allah dhateng sedaya titahipun ing jagad menika. Menika nelakaken bilih Gusti Allah boten ngersakaken titahipun ngalami karisakan, sangsara lan bilai. Ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah tumrap sedaya titahipun inggih menika karaharjan lan katentreman ingkang lestari selaminipun.
Pameca menika dipun tetepi dening Gusti Yesus Kristus. Sedaya pakaryan ingkang katindakaken dening Gusti Yesus menika tumuju dhateng tumrahing sagung berkahipun Allah tumrap sedaya titah. Panjenenganipun pribadi rawuh ing jagad milujengaken titahipun. Sawetahing gesangipun Gusti Yesus dados berkah ingkang tumrah saking Allah tumrap sedaya titahipun. Ingkang dipun kersakaken dados berkah boten namung gesangipun Gusti Yesus pribadi, nanging ugi sedaya tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun.
Minangka ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus tamtunipun kita sampun kalunturan berkahipun Allah. Kita katetepaken supados gesang kita dados berkah saking Allah tumrap sedaya titah. Sedaya pakaryan lan padamelan kita mugi dadosa berkahipun Allah tumrap sedaya titah. Mekaten ugi pengangen-angen (sikap), pangucap lan tindak-tanduk kita sageda ndamel tiyang sanes ningali kayekten lan kasaenan, mireng kamulyaning katresnanipun Allah, ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Sampun ngantos sikap, pangucap lan patrap kita njalari tiyang sanes kuciwa, lara, rugi, bilai. [st]
“Kabungahan sejati lan pinunjul iku menawa bisa dadi berkah.”