Salah Ta Dadi Sugih? Renungan Harian 11 September 2019

11 September 2019

Bacaan : Lukas  18 : 18 – 30   |   Pamuji :   KPJ. 429
Nats:
… Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakan duwe bandha ing swarga, nuli mrenea,  melua Aku … “ (Luk.18:22)

 “Lho nak, nyapo kok kowe dina iki ora nyambut gawe?” ature ibu marang kang putra “kula kalawingi nembe maca kitab suci bu, bilih pangandikanipun Gusti punika, wong sugih kuwi angel mlebu Kratoning Allah, mula kula ngaten kemawon supados kula mboten sugih” wangsulanipun kang putra.

Pemanggih ingkang mekaten punika ingkang salah kaprah anggenipun ngraosaken sabdanipun Gusti. Lajeng punapa dados sugih punika lepat? Menawi mboten lepat kenging punapa Gusti duka marang tiyang sugih ingkang sowan dhumateng Gusti?

Waosan kita nyariyosaken bilih wonten tiyang ingkang sugih ingkang sowan dhumateng Gusti nyuwun pitedah supados saged lumebet wonten ing Kratoning Allah. Piyambakipun kanthi cetha nyariosaken bilih nalika taksih timur sampun nglampahi punapa ingkang dados pitedah mligi ing angger-anggering Taurat. Nalika Gusti mireng punapa ingkang dados cariyos saking tiyang sugih kalawau, Gusti paring dhawuh, “kurang siji, kabeh seng mbok duweni edolana lan edum-edumna marang wong mlarat, terus mrenea, lan melua Aku”. Nampeni Pangandikan ingkang mekaten punika ndadosaken manah tiyang punika ngraosaken sedhih, awit karaos eman, nalika bandha ingkang mubra-mubru punika kasuwun ngedumne marang tiyang miskin. Lumantar bab punika ingkang ndadosaken Gusti duka lan prihatin awit tiyang punika ajrih kelangan bandha, tinimbang kelangan Kratoning Allah.

Wangsul malih wonten ing jejer “Salah ta dadi sugih?” Pangandikan punika mboten ateges sugih punika salah utawi bener, ananging sugih punika ndadosaken tiyang tan saya rumaket kaliyan Gusti, punapa tan saya tebih kaliyan Gusti. Mangga sami ngraosaken, bilih para pendhereke Gusti punika ngraosaken sukabingah nalika nampeni berkah! Pitakenanipun, punapa pendhereke Gusti punika ugi ngraosaken sukabingah nalika kauutus dados sarananing berkah? (gus)

“Sesambetan kula kaliyan Gusti mboten karana berkah, ananging karana Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak