Sinten Ingkang Kita Tresnani? Pancaran Air Hidup 11 Oktober 2023

11 October 2023

Waosan: Mustikaning Kidung 8 : 5 – 14 | Pamuji: KPJ. 357
Nats: “… amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah, mulad-muladipun kados urubing latu, kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah! (Ayat 6) 

Menawi kita emut nalika ketaman asmara, miturut raosipun manah ingkang kebak katresnan punika, mboten wonten prekawis ingkang mustahil utawi mboten saged dipun langkungi. Sadaya raos ajrih lan sumelang sirna, amargi ingkang karaosaken namung kabingahan. Lumantar pengalaman punika kita saged nyumerepi, bilih katresnan saged dados sumbering kakiyatan. Prekawis ingkang awrat karaosaken entheng nalika dipun ayahi kaliyan manah ingkang kebak katresnan.

Waosan kita dinten punika nyariosaken bilih katresnan punika mboten namung paring kakiyatan, nanging ugi paring pangayoman. Kagambaraken bilih katresnan punika adiluhung, satemah mboten saged kagantosaken dening sarupaning bandha donya. Katresnan ugi paring pangayoman lumantar kasedyan paring kasetyan dhateng punapa ingkang sampun dipun piji. Lumantar pamawas saking waosan punika, kita saged nyumerepi bilih katresnan punika nggadahi peran ingkang penting sanget salebeting gesangipun manungsa. Bilih katresnan punika kita aturaken dhateng priantun ingkang tepat, katresnan punika saged dados sumbering kakiyatan, pangayoman, sarta mawujud ing maneka werni kasaenan ing satengahing pigesangan.

Nalika wicantenan bab katresnan, kita manggihi pitakenan ing salebeting manah, “Sinten kemawon ingkang kita tresnani?” Lajeng kanthi entheng kita paring wangsulan, ingkang kita tresnani punika semah, para putra-putri, para sedherek, para rencang, lan sapanunggalanipun. Nanging, sacara iman kita ugi nampi timbalan kangge nresnani sesami lan sadaya titah. Punapa timbalan punika sampun kita lebetaken ing daftar sasaran katresnan kita? Nresnani sesami punapa malih sadaya titah, punika sanes prekawis ingkang gampil. Asring rubeda njalari maneka werni cecongkrahan. Nanging, sumangga timbalan punika kita lampahi kanthi katresnan ingkang tumuju kagem Gusti. Awit lumantar katresnan punika kita angsal kakiyatan,  pangayoman lan kasedyan kangge nglampahi timbalan punika. Mangga kita asung katresnan dhateng sesami lan sadaya titah, minangka wujuding katresnan kita dhumateng Gusti Allah Kang Maluhur. Amin. [xie].

“Nulad ing sihe Allah mring sagung titah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak