Waosan: Efesus 6 : 10 – 20 ǀ Pamuji: KPJ. 448 : 1, 2
Nats: “Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nadhahi gelar kajuligane Iblis.” (Ayat 11)
Gesang punika kadosdene ing salebeting perang. Saben dinten kita kedhah ngadepi prekawis-prekawis ingkang boten gampil, sae ing gesang bebrayatan, ing papan nyambut damel, lan ing satengahing sesambetan kaliyan sanes. Kita tamtu kepingin sadayanipun lumampah kanthi sae, lancar, mbingahaken, lan migunani. Ananging ing kasunyatanipun kathah tantangan lan pambengan. Bilih kepingin menang kados dene ingkang kita ajeng-ajengaken, kita kedah purun merangi sadaya tantangan lan pambengan punika. Mekaten ugi ing bab karohanen, anggen kita nindakaken karsanipun Gusti, kathah pacoben lan tantanganipun. Kados pundi anggen kita merangi sadaya pacoben lan tantangan kalawau? Kita asring kawon punapa menang?
Waosan ing dinten punika ngengetaken kita sadaya, “Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nadhahi gelar kajuligane Iblis.” Waosan kalawau nedahaken dhateng kita bilih kita boten saged ngawonaken sadaya pacoben lan tantangan gesang namung ngendelaken kakiyatan kita piyambak. Kita kedah ngendelaken Gusti Allah, ingkang maringi praboting paprangan. Kita kedah gesang nyelak dhumateng Gusti Allah, supados kita kadawuhan pitedah gesang ingkang kedah kita lampahi. Kita kedah mbangun sesambetan ingkang harmonis kaliyan Gusti Allah, awit sesambetan ingkang harmonis punika ingkang badhe murugaken kita sehat jasmani lan rohani. Sesambetan kita kaliyan tiyang sanes kapulihaken. Kita saged nampi gesang ingkang kebak katentreman lair lan batos.
Nalika mangsa Covid 19, sadaya tiyang sami ngraosaken “nglemprek”. Kathah ewah-ewahaning gesang ingkang kasanggi. Kabetahan gesang boten sansaya entheng lan kangge nyekapi kabetahan saben dinten sansaya rekaos. Ingkang dados pitakenan saklajengipun, punapa ingkang kedhah kita tindhakaken supados kita saged nglangkungi sadaya karibedan kalawau? Kita kedah purun perang lan ngginakaken praboting prangipun Gusti. Tujuan gesang kita boten namung ngudi tedhan kangge badan kita ananging ugi ngudi tedhan kangge iman kita. Gesang boten kangge ngudi jabatan lan pangwasa ananging ngudi gesang enggal ing salebeting pamratobat. Gesang boten namung ngudi sugih banda ing donya ananging ngudi sugih banda ing kratoning swarga. Sumangga kita sami ngagem praboting prangipun Gusti matemah kita saged ngawonaken kajuliganipun iblis. Amin. [Life].
“Saged menang bilih purun prang ngagem praboting Gusti Allah.”