Waosan: 2 Samuel 21 : 1 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 3 : 1
Nats: “Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.” (Ayat 1)
Tamtunipun kita nate mireng tembung “Ngunduh wohing panggawe.” Tegesipun saben tiyang mesthi nampi asil saking tindak tandukipun saben dinten. Contonipun, manawi tiyang punika remen ngapusi, tamtu manahipun was-was karana ajrih anggenipun ngapusi kalawau konangan. Manawi tiyang punika nglampahi tumindhak awon mesthi manahipun boten saged ngraosaken katentreman. Ingkang mrihatosaken bilih asil saking tumindak awon punika katampi dening anak putu kita.
Waosan dinten punika nyariosaken kados pundi ewetipun bangsa Israel ingkang ngalami paceklik ngantos tigang taun muput. Sang Prabu Dawud madosi punapa ingkang murugaken paceklik punika. Ing ngriku Gusti Allah paring wangsulan, bilih paceklik punika wonten gandengipun kaliyan Saul lan kulawarganipun ingkang utang getih amargi mejahi tiyang-tiyang Gibeon. Selajengipun Prabu Dawud ngudi sesambetan kaliyan tiyang Gibeon kangge pulihipun bangsa Israel. Ananging wangsulanipun tiyang Gibeon nedahaken ewet mulihaken sesambetan ingkang sampun risak. Lebet sanget kasisahan ingkang dipun sanggi tiyang Gibeon punika. Sang Prabu Saul sampun ngrisak, numpes tiyang Gibeon ngantos boten pikantuk papan panggenan ing tanah Israel. Pungkasanipun tiyang Gibeon nyuwun: “mugi kaparingana dhateng kawula: turunipun pitu, badhe kawula gantung wonten ing ngarsanipun Yehuwah wonten ing Gibeon“ (Ay. 6). Kita sadaya saged mbayangaken kados pundi kawontenan ing kala samanten, saestu nggegirisi.
Sinau saking carios kalawau sumangga sami nanem kabecikan, awit punapa kemawon ingkang kita tindhakaken, ingkang nampi asilipun boten namung kita piyambak, ananging ugi anak putu turun kita. Manawi becik badhe dados cariyos ingkang mbingahaken, ugi dados berkah tumraping anak putu. Ananging bilih awon badhe ndadosaken bilai tumramping anak putu kita. “Ngunduh wohing panggawe.” Mugi tembung Jawi punika ndadosaken kita tansah enget bilih kita badhe ngunduh punapa ingkang sampun kita tanem. Nandur kabecikan mesthi ngundhuh kabecikan. Sumangga kita tindakaken. Sang Roh Suci tansah nuntun gesang kita sami. Amin. [Life].
“Anak putu nampi berkah utawi bilai gumantung punapa ingkang kita tanem.”