Waosan: Yokanan 10 : 22 – 30 | Pamuji: KPJ. 176 : 1
Nats: “… apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tangan-Ku.” (Ayat 28)
Saben tiyang gesang mbetahaken tetedan lan toya, awit saking tetedan lan toya punika kita nampi daya kakiyatan kangge tuwuhing badan kita. Bilih kita nyepelekaken kabetahan fisik punika tamtu kemawon badan kita mboten namung lemes nanging ugi saged sakit. Tetedan lan toya punika salah satunggiling berkahipun Gusti ingkang kedah kita sukuri. Mekaten ugi gesang ingkang kita raosaken ing dinten punika kedah kita sukuri lan kita lampahi kanthi sukabingah.
Kacariosaken nalika wekdal pinuju riyadin Pambangunipun Padaleman Suci, tiyang-tiyang Yahudi sami ngupengi Gusti Yesus lan matur, “Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Menawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya.”(Ay. 24). Tiyang-tiyang Yahudi punika mboten sadar bilih saben dinten sampun nyekseni pakaryanipun Gusti lumantar berkah gesang, tetedan, kakiyatan, pandamelan, lsp. Ingkang dipun kersakaken berkah ingkang dados pepenginanipun, nanging mboten rumaos bilih berkah punika sampun dipun tampi. Lajeng Gusti Yesus mangsuli tiyang-tiyang punika, “Kowe wus padha Daktuturi nanging padha ora pracaya; panggawe kang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku, nanging kowe padha ora pracaya amarga kowe dudu panunggalane wedhus-wedhusKu.” (Ay. 25-26). Saking wangsulanipun Gusti Yesus punika cetha sanget bilih tiyang-tiyang Yahudi punika mboten saos sokur tumrap berkahipun Gusti. Sanadyan sampun nyekseni pakaryanipun Gusti Yesus nanging para tiyang punika namung ngugemi kepengenanipun piyambak.
Kados pundi kaliyan kita, punapa kita sami kaliyan tiyang-tiyang Yahudi punika? Wonten ing pangucap, kita matur bilih dados pandherekipun Gusti, nanging kita taksih asring ngersula lan ndhekte Gusti nalika Gusti maringi berkah. Bilih prekawis punika ingkang kelampahan mangga sami mratobat. Berkahipun Gusti arupi punapa kemawon tansah kita tampi rinten lan dalu. Langkung-langkung berkah gesang langgeng sampun kacawisaken kangge kita. Sumangga kita sami ngirangi ngersula lan dipun kathahi anggenipun kita saos sokur ing sadengah kahanan. Amin. [Ry].
“Raos sokur kawula tuwuh saking berkahipun Gusti ingkang sampun kawula tampi lan sekseni.”