Dados Berkah Pancaran Air Hidup 11 Mei 2023

11 May 2023

Waosan: Lelakone Para Rasul 27 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 343
Nats:Pangrengkuhe Yulius marang Rasul Paulus becik, mulane dililani nemoni para mitrane, supaya padha nyukupi kabutuhane.” (Ayat 3)

Punapa ingkang kita betahaken rikala tindak dhateng salah satunggaling papan panggenan utawi daerah? Umumipun, ingkang dipun betahaken punika sangu ingkang cekap. Saderengipun tindakan, kita sampun ngetang langkung rumiyin, pinten bea ingkang dipun betahaken. Punika dipun lampahi supados anggenipun kita tindakan saged lancar lan mboten katelasan sangu. Awit menawi ngantos katelasan tamtu kita badhe ngraosaken kuwatos lan sisah. Nanging wonten ugi sedherek ingkang nate ngalami katelasan sangu. Lajeng punapa ingkang dipun tindhaken? Wonten ingkang nyuwun pitulungan dhateng tiyang sanes utawi aparat pamrentah supados saged nglajengaken lampah. Menawi panjenengan pinanggih tiyang ingkang katelasan sangu, punapa ingkang badhe dipun lampahi?

Paring pitulungan dhateng tiyang ingkang saweg kakirangan, pencen kedah dipun wujudaken. Punika ugi ingkang dipun lampahi dening para mitranipun rasul Paulus. Para mitranipun Rasul Paulus nyekapi kabetahanipun. Kabetahan kangge nyengkuyung ing lelampahaipun Rasul Paulus. Pitulungan punika mboten namung dipun wujudaken dening para mitranipun Rasul Paulus, nanging ugi Yulius. Piyambakipun kersa paring palilah dhateng Rasul Paulus manggihi para mitranipun supados nyekapi kabetahanipun.

Paring pitulungan dhateng tiyang sanes ingkang mbetahaken punika wujuding semangat dados berkah. Berkah saking Gusti Allah mboten namung dipun raosaken piyambak, nanging ugi kedah dipun bagekaken kaliyan tiyang sanes, supados tiyang sanes saged ndherek ngraosaken berkahipun Gusti punika. Karana punika supados gesang kita saged dados talanging berkah kangge tiyang sanes, kita kedah kebak ing panuwun sokur dhumateng Gusti. Kita tansah pitados bilih gesang kita mboten badhe kekirangan nalika kita andhum berkah dhateng tiyang sanes. Awit menawi kita raosaken berkahipun Gusti mboten saged kaetang. Punapa kita tansah nggadhahi semangat dados berkah kangge tiyang sanes? Mangga kita sami dados berkah. Amin. [SWT].

“Kula nedya andum berkah mring tyang kathah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak