Golek Banyu Bening Renungan Harian 11 Maret 2020

11 March 2020

Waosan : Yehezkiel 36 : 22 – 32     |   Pamuji  :  KPJ. 193
Nats: 
“Sira bakal padha sun esoki banyu bening, kang bakal ngresiake sira” (ayat 36)

 Banyu bening iku banyu kang resik, kang nuwuhake rasa seger, anyes, lan uga nuwuhake kawarasan ing sajrone urip. Jaman saiki, ora gampang bisa njupuk banyu bening ana ing kiwa tengen kita. Kadangkala, yen pengin antuk banyu bening, kita kudu lumaku kepara adoh, supaya isa oleh banyu bening. Mesthine golek banyu bening uga butuhake perjuwangan, usaha utawa pambudidaya.

Golek banyu bening ing sajrone paribasane wong jawa, ateges pangupayanane manungsa nggoleki guru sejati, kang bisa maringake piwulang luhur lan minulya, kang diarani bening, saengga manungsa bisa panggih Gusti Allahe ing saben dinane. Cekak’e, wong kang golek banyu bening kepingin banget anggone bisa wanuh marang Gusti Allahe. Manungsa kang manggihake Gusti (bagusing ati) ing sanjerone atine kaibaratake kaya wong kang ngorong, mula kepengin banget anggone antuk banyu bening. Ayem, tentrem, tenang, nduweni pangarep-arep sarta yakin, rumangsa ditresnani lan kaapura dening Gusti. Kaya ngono kuwi mau tujuan akhire wong kang rumangsa ngorong, golek banyu Bening.

Sapa sejatine sumbere banyu bening? Ing waosan dina iki, Kitab Suci paring piwulang manawa sumbering banyu bening yaiku pakaryane Pangeran Yehuwah ingkang ngedab-edabi, kaya dene:

  1. Nuduhake menawa Sihe Pangeran Yehuwah iku suci (22-23).
  2. Pangeran Yehuwah kagungan ancas ngumpulake lan ngirid bangsa Israel (24).
  3. Pangeran Yehuwah maringake banyu bening, ati anyar, lan uga Rohipun ing batine manungsa (25-27).
  4. Pangeran Yehuwah nganggep bangsa Israel umat kang ditresanani, ngluwari dosa lan kanajisan, uga paring berkah saka ing wulu wetuning bumi, murah sandhang pangan, seger kawarasan (28-30).

Ing Kitab Pranjanjian Anyar Gusti Yesus paring dhawuh: “…nanging sing sapa ngombe banyu paweweh-Ku, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu paweweh-Ku mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka urip langgeng.” Kawruhana sejatine urip, manungsa urip ana ing donya, prasasat mung mampir ngombe. (pong).

“Goleka banyu bening, uripmu hayu, atimu wening.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak