Transformasi Mental Renungan Harian 11 Maret 2019

11 March 2019

Waosan : 1 Babad 21 : 1 – 17 | Pamuji : KPJ 339
Nats : “Nanging Prakara iki ala ana ing paningaling sang Yehuwah, Mulane wong Israel banjur kagebag dening Gusti Allah [ayat 7]

Kathah tiyang ingkang kesupen kaliyan asal muasalipun. Limrahipun manungsa ingkang sukses menika wiwitanipun saking mboten gadhah, lajeng usaha, makarya, ndedonga dhumateng Gusti, mila sukses, lan saged dados pemimpin. Sedaya punika sejatosipun sanes hasil pambudidaya kapinteranipun piyambak. Wonten tiyang sanes ingkang cancut, brayat ingkang paring dukungan dan Gusti Allah ingkang campur asta.

Prabu Dawud punika tansah mimpang anggenipun perang nglawan bangsa Filistin lan bangsa-bangsa ingkang dados mengsah Israel. Bangsa Israel punika mboten kathah cacahipun, pramila punggawa lan prajuritipun ugi mboten kathah. Sanajan makaten, sih panganthinipun sang Yehuwah, Allah Israel marang prabu Dawud dadosaken bangsa Israel tansah mimpang perang lajeng dados bangsa ingkang pinunjul ing antawisipun bangsa sakiwa- tengenipun. Punika ingkang dadosaken Prabu Dawud lajeng rumaos gumunggung (ay .1). Prabu Dawud mrentahaken panglima Yoab supados ngawontenaken cacah jiwa tumprap bangsa Israel (ay.2). Ananging suku Lewi lan Benyamin mboten kalebetaken ing Cacah Jiwa (ay. 6). Tegesipun, suku menika mboten dipunanggep kalebet penduduk Israel. Punika ingkang ndadosaken sang Yehuwah lajeng paring bebendu dhumateng prabu Dawud lan bangsa Israel. Pitungpuluh ewu tiyang Israel ingkang seda kenging pageblug, bebendunipun sang Yehuwah (ay 14). Sedaya kedadosan krana putusan lan patrap gumunggungipun prabu Dawud.

Kathah tiyang ingkang kepengin dados pemimpin ananging mentalipun dereng siap. Greja punika ugi sarana ‘kawah candradimuka’ kangge nyiapaken mental kepemimpinan ingkang tangguh . Umumipun, pemimpin punika tiyang ingkang gadhahi kakiyatan, kapinteran lan sanes berkah peparingipun Gusti Allah. Ing greja mboten makaten. Mila ing greja mboten wonten tiyang ingkang otoriter, sok gumunggung, lan mboten nggadhahi ajrih-asih dhumateng Gusti. Menawi wonten, mila pemimpin model otoriter lan sok gumunggung punika perlu dipun transformasi (owahi) mentalipun, supados mboten dados bebendu kangge umat. Menawi kita dados pimpinan, sedaya punika awit panganthi, campur asta, lan peparingipun Gusti . Amin [BK]

“Tiyang saged dados pemimpin punika amargi leladi-nindakaken karsanipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak