Dados Seksi Lan Nindakaken Aksi Pancaran Air Hidup 11 Juni 2025

11 June 2025

Waosan: Lukas 1 : 26 – 38  |  Pamuji: KPJ.  450 : 3
Nats: “Maryam banjur munjuk, ‘Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengana kadosdene ingkang Paduka ngandikakaken.’ Sawise mangkono malaekat banjur tindak, nilar Maryam.” (Ayat 38)

Bapak Jokowi presiden Republik Indonesia ingkang kaping 7, sampun nindakaken tugas lan tanggeljawabipun dados Presiden Indonesia 10 taun dangunipun. Nalika dados presiden kathah sanget program ugi kebijakan ingkang dipun sekseni lan dipun raosaken dening warga negeri Indonesia, salah satunggalipun inggih punika pambangunan margi lan infrastruktur. Sadaya punika mboten namung dipun sekseni kemawon, nanging dampakipun ndadosaken semangat kangge masyarakat Indonesia langkung maju malih, wonten ing bidang ekonomi, sosial, budaya, lsp. Awit sarana margi ingkang sae punika saged ndamel kemajenganipun wilayah ing Indonesia.

Punapa ingkang sampun nate kita sekseni saking pamrintahan punika dados semangat  kangge kita mbangun iman ingkang kiyat ing Gusti Yesus. Kados dene imanipun Maryam. Sacara tata aturan sosial Maryam kedahipun nenikahan rumiyin kaliyan Yusuf, lajeng nembe ngandut. Nanging Maryam ngandut bayi Yesus, karana pakaryanipun Gusti Allah. “Mila Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah”. Mila Maryam saged ngandut sanadyan taksih dereng semahan kaliyan Yusuf. Nalika malaikat pinangih Maryam, piyambakipun mboten ajrih utawi nolak rancanganipun Gusti punika. Kanthi iman ingkang teguh, Maryam sumadya nindakaken karsanipun Gusti punika, awit Maryam ugi nyekseni pakaryanipun Gusti ingkang kelampahan ing gesangipun Elisabet sederekipun, ingkang ugi ngandut ing yuswa ingkang sepuh.

Saben dinten kita nyekseni pakaryanipun Gusti lumantar mawarni-warni berkah ingkang kita tampi, prastawa gesang ingkang kelampahan saben dinten, lsp. Saking sadaya pakaryanipun Gusti punika, mangga saged dados kakiyatan iman kita lan dados penyemangat kangge kita nindakaken gesang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti. Kadosdene ingkang sampun dipun tuladhakaken Maryam, mangga pakaryanipun Gusti ingkang kita raosaken lan sekseni ing gesang kita punika, kita lajengaken ing gesang kita padintenan kanthi tulusing manah lan saos sokur. Amin. [Ry].

“Aku nindakake aksi saka pakaryaning Gusti sing tak sekseni.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak