Gabagen Pancaran Air Hidup 11 Januari 2026

11 January 2026

Waosan: Mateus 3 : 13 – 17  │  Pamuji: KPJ. 428
Nats: “Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.” (Ayat 15)

Tembung “Gabagen” punika tembung ingkang dipun ginakaken kangge nyebat penyakit campak. Campak punika penyakit ingkang saged nular. Bilih tiyang kenging campak, biasanipun badhe ngraosaken gatel utawi ruam. Gabagen dipun wiwiti kanthi tanda-tanda kados panas, watuk, pilek. Bilih lare dereng kenging gabagen, dereng jangkep tahap pertumbuhanipun. Saben tiyang tamtu nate kenging gabagen, sae punika nalika taksih alit utawi nalika sampun dewasa.

Sabda pangandikanipun Gusti Allah lumantar Injil Mateus 3:13-17 ugi paring pawartos bab panjangkep. Nalika Gusti Yesus badhe miwiti peladosan-Ipun, Panjenenganipun nyuwun dipun baptis dening Nabi Yokanan (Ay. 13). Nanging Nabi Yokanan rumaos mboten pantes (Ay. 14). Mangertos Nabi Yokanan ingkang mekaten, Gusti Yesus paring pepenget bilih punapa ingkang dipun tindakaken punika minangka salah satunggal tumindak kangge jangkepi punapa ingkang sampun dados katetepaning Gusti Allah. Sadaya punika kedah kelampahan amargi sadaya punika sampun dipun tata kanthi rancak lan kedah lumampah. Lumantar wangsulan-Ipun Gusti Yesus punika, Nabi Yokanan lajeng netepi punapa ingkang dipun suwun dening Gusti Yesus. Piyambakipun mbaptis Gusti Yesus.

Kados dene wonten ing padintenan kita sami, sadaya pigesangan ingkang kita tampi lan kita lampahi, sadaya punika sampun dipun tata kaliyan Gusti Allah. Saben tiyang sampun wonten garis pigesanganipun piyambak-piyambak. Kita kantun nglampahi lan njangkepi punapa ingkang sampun katata. Bilih sapunika dereng kelampahan, tamtu wekdal sanes badhe kalampahan, sae punika bab ingkang becik utawi mboten. Pramila ing Minggu Baptisan punika kita dipun engetaken bilih Gusti Yesus anggenipun miwiti peladosan-Ipun, kanthi gumolonging manah karsa netepi katetepaning Gusti Allah kanthi nyuwun dipun baptis Nabi Yokanan, kados pundi kaliyan kita? Sumangga kita ugi purun miwiti gesang kita punika kanthi gumolonging manah, nindakaken karsanipun Gusti Allah salebeting gesang kita kanthi saestu. Amin. [CDS].

“Nek wes ana sukurana, nek durung teko entenana, nek wes lunga lalekna, nek ilang iklasna.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak