Gesang Ing Kamulyan Pancaran Air Hidup 11 Februari 2024

11 February 2024

Waosan: Markus 9 : 2 – 9 | Pamuji: KPJ. 236
Nats: “Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.” (Ayat 5)

“Wong urip iku golek apa?” Menawi wonten pitakenan punika, kathah tiyang ingkang jawab, “Golek kabungahan”. Masalahipun, sumbering kabingahan punika saking pundi? Secara kamanungsan saged kemawon saking jabatan, posisi ing satengah-tengahing masyarakat, utawi raja brana, lan sapanunggalanipun. Punika ingkang asring dados ukuran ingkang saged ndadosaken kita binggah. Punika ugi ingkang dados gambaran kamulyaning manungsa. Ananging satunggal ingkang kedhah kita raosaken, “Punapa punika saged langgeng?”

Petrus sesarengan kaliyan sadherekipun, Yokanan lan Yakobus ngraosaken kabingahan ingkang benten. Kabingahanipun Petrus karana saged pinangggih, sanadyan namung nyumerepi, Musa lan Elia pepanggihan kaliyan Gusti Yesus wonten ing kamulyanipun. Petrus, Yokanan, lan Yakobus mboten nampi ananging namung sumerep lan temtu kemawon saged ngraosaken sekedhik kamulyaning tiga tokoh wonten waosan kita. Lan punika saestu dados sumbering kabingahan kangge Petrus lan sadherekipun. Saking bingahipun, Petrus mboten kepingin kecalan kalodhangan kangge ngraosaken kamulyan punika. Karana punika Petrus matur dhumateng Gusti Yesus bilih menawi kepareng Petrus badhe ngadegaken tarub kangge Elia, Musa lan tentu kemawon Gusti Yesus.

Temtu mboten lepat menawi kita ngucap bilih kita kepingin bingah punapa malih mulya. Nanging kita kedah mangertos bilih sumbering kamulyan lan kabingahan punika namung saking kuwaosipun Gusti Allah lumantar Gusti Yesus. Kita tamtu saged ngusahakaken kados pundi kita saged nggadahi kabingahan lan kamulyan, ananging punapa kita saged jamin bilih kabingahan lan kamulyan punika langgeng. Utawi punapa kita saged jamin bilih kabingahan lan kamulyan punika ndadosaken kita ngraosaken tentrem rahayu? Gusti Allah ing waosan kita paring pepenget bilih kabingahan lan kamulyanipun Gusti saged tansah nunggil ing gesang lan lelampahan kita menawi kita sami ngestokaken dhawuh-Ipun (Ay. 7). Gesang ing kamulyan saestu saged kalampahan ing gesang kita satemah kita saged tansah ngraosaken kabingahan nalika kita purun celak kaliyan Gusti lan tansah “ngestokaken” punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah ing lelampahan gesang kita. Mangga kita sami lumampah kanthi mulyakaken asmanipun Gusti Allah. Amin. [NSW].

“Kamulyan iku dumunung ana ing upaya nggayuh tujuan, dudu gegayuhan.”
– Mahatma Gandhi –

Renungan Harian

Renungan Harian Anak