Waosan: Jabur 119 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 203
Nats: “Rahayu wong kang padha utama lakune, kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah.” (Ayat 1).
“Sak begja-begjane wong kang lali, isih begja wong kang eling lan waspada“ punika sesanti ingkang kebak kawiscaksanan, ingkang sampun asring kita mirengaken. Sesanti punika tegesipun kirang langkung mekaten: kita punika sampun ngantos kegawa ombyaking donya, ananging kedah tetep jejeg nglampahi punapa ingkang leres. Senaosa kathah tiyang tumindak mblasar, sampun ngantos kita punika tumut mblasar. Kita tansah eling dhumateng dawuhipun Gusti Allah, satemah gesang kita tansah wonten ing margi ingkang leres, awit punika ingkang badhe betha kita dhateng kawilujengan sejati. Waspada tumrap pangawak dursila ingkang saged mbeta kita dhateng panguwasaning dosa.
Juru tulis kitab Jabur paring pepeling dhateng kita, rahayu kanggenipun sinten kemawon ingkang resik gesangipun, gesangipun tebih saking dosa, lan ingkang gesangipun manut kaliyan angger-anggeripun Gusti Allah. Saestu begja tiyang ingkang sami netepi pepengetipun Gusti Allah, sarta ingkang ngungsi dhateng Panjenenganipun kanthi gumolonging manah. Begja tiyang ingkang mboten nindakaken piala, ananging nglampahi pitedahipun Gusti Allah. Kenging punapa tiyang ingkang mbangun turut dhumateng Gusti Allah punika kasebut tiyang ingkang begja lan mboten badhe kewirangan? (Ay. 6). Wangsulanipun awit kabegjan ingkang dipun alami punika sipatipun langgeng, sanes sawetara utawi apus-apus. Kosok wangsulipun sinten ingkang gesangipun nerak perintahipun Gusti, namung mburu kabegjan donya, tamtu badhe kawirangan, awit kabegjan punika namung sawetara lan apus-apus. Tamtu Juru Mazmur kepingin bangsa Israel sedayanipun punika gesang mbangun turut dhumateng Gusti, mboten mblasar kelu ombakipun donya, satemah nampi kabegjan.
Sinten saking kita ingkang mboten kepingin nampi kabegjan saking Gusti Allah? Kula kinten kita sedaya kepingin nampi kabegjan saking Gusti Allah, awit kabegjan punika saestu langgeng kawontenanipun. Supados kita seged ngraosaken kabegjan saking Gusti, pramila gesang kita kedah tansah eling kaliyan dawuhipun juru mazmur, inggih punika kita kedah dados pribadi ingkang resik gesangipun saking dosa, manut kaliyan angger-anggeripun Gusti, sarta netepi pepengetipun Gusti Allah, sarta ngungsi dhumateng Panjenenganipun kanthi gumolonging manah. Kita tansah waspada saking tumindak piala, sarta tansah nglampahi pitedahipun Gusti Allah. Amin. [GIK].
“Ayo tansah dadi wong kang eling marang angger-anggere Gusti Allah, sarta waspada marang piala.”