Pangajeng-Ajeng Ingkang Mboten Alum Pancaran Air Hidup 11 April 2026

11 April 2026

Waosan: Jabur 16 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ.­­­­­­­­­­­­­­­­­­­­ 275
Nats: “Amargi Paduka mboten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka mboten marengaken menawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.” (Ayat 10)

Wonten pak tani ingkang nanem wit anggur ing kebonanipun. Saben dinten pak tani punika ngrimati tanemanipun kanthi setya, sinaosa cuacanipun kadang mboten sae lan asilipun dereng ketingal. Nalika kathah tiyang ingkang sami gujeng awit kasabaranipun wau, piyambakipun mangsuli, “Kula pitados bilih winih ingkang kula tanem punika mboten muspra.” Saestu, 2 taun selajengipun, kebun anggur punika ngedalaken asil ingkang kathah. Cariyos punika ngengetaken kita bilih pengajeng-ajeng ingkang kalambaran iman ingkang kiyat mboten badhe muspra.

Waosan kita dinten punika minangka nyanyian iman prabu Dawud dhumateng Gusti Allah, ingkang dipun pitados minangka papan pangayoman ingkang sejati. Prabu Dawud yakin bilih Gusti Allah punika mboten badhe masrahaken tiyang ingkang dipun tresnani dhateng teleng palimengan. Panjenenganipun badhe paring pangayoman (Ay. 1), nedahaken kasaenanipun (Ay. 2), paring panuntun (Ay. 5-8), paring kabingahan, katentreman, lan gesang langgeng (Ay. 9-10). Sadaya punika dipun wujudaken kanthi sampurna lumantar wungunipun Gusti Yesus. Panjenenganipun dipun wungokaken, punika negesaken bilih katresnan lan panguwaosipun Gusti Allah punika nglangkungi panguwaosipun pati. Wungunipun Sang Kristus punika mboten namung prastawa sejarah, nanging dados sumberipun pangajeng-ajeng kita sadaya minangka tiyang pitados. Ing salebeting jagad ingkang kebak raos ajrih, kasangsaran, lan kecalan punika, pesen saking Jabur 16 ngajak kita supados saged mandeng gesang kalayan pitados bilih sesarengan Gusti punika mboten wonten pungkasan ingkang nglaha utawi muspra. Gesang kita tansah dipun jagi lan dipun tuntun dhateng gesang langgeng sesarengan Panjenenganipun.

Wungunipun Sang Kristus ngiyataken kita supados tansah setya ing salebeting iman, sinaosa margining gesang punika kadang ewed lan awrat dipun lampahi. Ing gesang saben dinten, kita saged mujudaken iman punika lumantar tumindak ingkang mbekta pangajeng-ajeng dhateng sesami, kados ta: ngiyataken ingkang ringkih, nglipur ingkang sisah, nulungi ingkang “dhawah”, lsp. Kados dene pak tani ingkang sabar ngrantos asilipun kebun anggur wau, mekaten ugi kita dipun ajak ngrantos mawi iman bilih katresnanipun Gusti badhe ngedalaken woh ingkang elok tumrap gesang kita ing titi wancinipun. Amin. [nn].

“Pangajeng-ajeng ingkang kalambaran iman dhateng Gusti mboten bakalan alum, awit ing salebeting Sang Kristus, pati sampun kawon dening katresnan langgeng.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak