Sabar Pancaran Air Hidup 11 April 2023

11 April 2023

Waosan: Kolose 3 : 12 – 17 | Pamuji: KPJ. 59
Nats:Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.” (Ayat 13)

Mbok menawi panjenengan nate mireng lan maos seratan ingkang kados mekaten: “Wong sabar rejekine jembar, wong ngalah uripe luwih berkah”. Punapa tegesipun sabar? Sabar punika tegesipun saged nahan dhiri saking prekawis ingkang badhe dipun lampahi, nahan dhiri saking emosi lan ugi mboten nggrundel rikala ngadepi kawontenan ingkang ewet. Sabar punika prekawis ingkang wigatos sanget kangge kita nglampahi gesang. Langkung-langkung anggen kita sami srawung kaliyan sesami. Ing salebeting pasrawungan, kita asring dhawah wonten ing crah. Prekawis punika saged kalampahan awit wonten pemanggih ingkang benten antawisipun satunggal lan sanesipun, rikala pirembagan. Utawi wonten sesami kita, anggenipun ngendikan ngagem tembung-tembung ingkang kasar lan kraos “nylekit”. Cobi menawi kita mboten kagungan raos sabar! Rikala mireng tembung kasar lan kraos nylekit, punapa ingkang badhe kita tindakaken? Tamtunipun nggih badhe mangsuli ngagem tembung-tembung ingkang kasar lan nylekit ugi. Lajeng ingkang kedadosan mboten namung crah nanging ugi bubrah.

Lumantar Rasul Paulus, Gusti ngengetaken kita: “Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.”. Ing ngriki Rasul Paulus ngengetaken kados pundhi anggen kita sami srawung kaliyan sesami, inggih punika mujudaken raos sabar antawisipun satunggal lan sanesipun, supados gesang patunggilan mboten dhawah ing crah lan burah. Gusti Yesus sampun paring patuladhan kados pundi mujudaken raos sabar punika, inggih punika kanthi paring pangapuntening dosa lan kalepatan dhateng kita. Prekawis punika dipun tindakaken Gusti Yesus kanthi sinalib seda. Raos sabaripun Gusti Yesus ndadosaken kita pikantuk kawilujengan.

Pancen boten gampang kangge kita dados tiyang ingkang sabar, nanging kita kedah ngupaya kanthi temen-temen supados saged tumindak sabar. Kuncinipun kita tansah nyuwun kakiyatan dhumeteng Gusti lan sinau ngendaleni dhiri saking tumindak awon salebeting gesang kita. Sumangga kita mujudaken sabar ing salebeting pasrawungan kita kaliyan sesami. Amin. [SWT].

“Wong sabar rejekine jembar, wong ngalah urip luwih berkah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak