Waosan: Rum 9 : 14 – 29 │ Pamuji: KPJ. 299
Nats: “Ingsun bakal melasi marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunparingi sih-kamirahan.” (Ayat 15b)
Gendhis lare SD kelas 6 ngraosaken sedhih amargi rumaos rencang-rencangipun mboten peduli dhateng piyambakipun. Saderengipun, Gendhis nembe maringi kado dhateng rencangipun ingkang tanggap warsa. Seminggu sasampunipun, Gendhis ugi mengeti tanggap warsa nanging mboten wonten rencangipun ingkang kemutan kaliyan piyambakipun, punapa malih maringi kado. Gendhis nggadah pemanggih, menawi piyambakipun paring kado dhateng rencangipun, rencangipun nggih kedah tumindak kados makaten. Nanging pamanggih punika klintu. Satemah ndadosaken Gendhis sedhih lan kuciwa.
Waosan kita ing Rum 9:14-29 nedahaken bilih pakaryanipun Gusti Allah mboten gumantung kaliyan punapa ingkang kita tindakaken. Punapa ingkang dipun paringaken Gusti Allah dhateng kita punika karana kanugrahan. Kados bangsa Israel ingkang dados pandherekipun Gusti Allah, mboten namung karana bangsa Israel cunduk kaliyan karsanipun Gusti, nanging karana Gusti Allah karsa paring katresnan lan kanugrahan. Sadaya punika supados bangsa Israel saged dados bangsa ingkang paring paseksi bab pakaryanipun Gusti Allah ingkang luber. Ayat 15b nyebataken Gusti Allah paring piwelas, kamirahan, lan katresnan miturut karsan-Ipun. Sadaya punika Gusti Allah paringaken kanthi tulusing manah, mboten kados manungsa ingkang pamrih. Lajeng, kenging punapa kita tumindak becik? Sadaya punika dados wujud sokur kita dhumateng Gusti ingkang sampun maringi kawilujengan saha pangrimatan wonten gesang kita ing padintenan.
Wulan Pambangunan GKJW ngengetaken kita bilih pakaryanipun Gusti Allah lumantar GKJW punika kathah sanget. Karana punika, Gusti Allah karsa nimbali kita lumantar GKJW supados kita saged dados berkah. GKJW dados pilihan kangge nglantaraken berkah wonten ing pigesangan. Sepisan malih, pakaryan ageng saking Gusti Allah punika mboten karana kita sampun tumindak becik, nanging sadaya sampun dipun tata kanthi rancak karana sih rahmat-Ipun Gusti. Pramila lumantar wulan Pambangunan punika, sumangga kita gesang sesarengan kaliyan sesami kanthi rukun, tulus ing manah, tanpa pamrih, karana punapa ingkang kalampahan punika namung karana wujud sokur kita dhumateng Gusti Allah. Amin. [CDS].
“Gesang bingah tanpa pamrih.”