Endah Gesang Mandhiri lan Dados Berkah Renungan Harian 11 Agustus 2019

11 August 2019

Waosan :  Purwaning Dumadi 15 : 1 – 6    |   Pujian : KPJ. 428 : 1, 2, 3
Nats: 
“Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe” (ayat 1b).

Saiba nengsemaken, yen saged mujudaken gesang ingkang endah, mandhiri, lan dados berkah. Sebab, Endah = apik, becik banget; Mandhiri = madeg dhewe lan mboten nggantungaken dhateng pihak sanes; Berkah = peparingipun Gusti Allah ingkang mbekta kasaenan kangge gesangipun manungsa. Kados pundi caranipun, supados kita saged berkontribusi mbangun pigesangan ingkang endah, mandhiri, lan dados berkah?

Sacara arif, masyarakat Jawi berkontribusi positif kangge pigesangan kita menika lumantar nasehat: ‘Sepi ing pamrih, rame ing gawe, memayu hayuning bawana’. Artosipun, kita dipun ajak nebihaken dhiri saking sifat egois (namung nengenaken kepentingan dhirinipun piyambak); kosok wangsulipun kita perlu langkung mentingaken makaryo, nindakaken kewajiban-kewajiban kita; lan iktiyar pados cara supados pigesangan menika langkung endah lan mbingahaken karaosaken kangge sedaya titah.

Supados kita saged dados kontributor/penyumbang kangge pigesangan ingkang langkung endah, mboten saged yen kita namung dados follower/pengekor/pengikut kemawon; kita kedah dados pionir/pelopor/perintis utawi pembuka jalan kangge saged ngribah kawontenan.

Gusti Allah maringi kalih dukungan supados Abram mboten ajrih lan saged tetep teguh manahipun, inggih menika: (1) Gusti Allah aprajanji mbela Abram (‘Ingsun iki tetamengira’); (2) Gusti Allah aprajanji maringi ‘ganjaran ingkang ageng’ kangge Abram.

Respon/tanggapan Abram tumraping anugraha/ganjaran pigesangan ingkang endah menika, kanthi nedahaken imanipun lumantar tandang damel/pakaryan. Iman ingkang mekaten menika ingkang ndadosaken Abram kaanggep leres dening Gusti Allah. Gesangipun Abram dipun isi lan adhedhasar iman: piyambakipun nilaraken bale griyanipun lan kesah dhateng negari asing ingkang dereng dipun sumerepi lan Abram rila ngorbanaken anakipun, inggih menika Iskak.

Menawi kita ajrih ngadhepi bab-bab ingkang badhe kelampahan, enget bilih Gusti Allah badhe setya nganthi kita ing salebeting kawontenan ewet badhe maringi ganjaran ingkang ageng. Amin. (Esha).

“Aku rumangsa begja yen bisa mbangun urip kanthi endah, mandhiri, lan dadi berkah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak