Waosan : Markus 11 : 12 – 14 | Pamuji : KPJ 183
Nats: “…. sarawuhe ana ing kono, Panjenengane ora manggih apa-apa,kajaba mung godhong-godhong…” [ayat 13b]
Cariyos Gusti Yesus ingkang nyupatani wit anjir dados prastawa ingkang boten lumrah. Awit Gusti Yesus ingkang asring kacariyosaken kebak ing katresnan, wicaksana, lembah manah, sacara dumadakan dados priyayi ingkang ketawis “emosional”. Gusti Yesus duka dhateng wit anjir menika amargi boten saged manggihaken wohipun sawetawis kangge ngobati raos kerapan (luwe). Ingkang dipunpangihaken namung ron-ipun, boten wonten wohipun. Mila Gusti Yesus duka. Punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus punika leres? Napa Gusti Yesus boten pirsa menawi wit anjir punika dereng mangsanipun ngedalaken woh. (ayat 13)
Ingkang prelu kita gatosaken sejatinipun sanes wekdal utawi mangsanipun wit anjir punika. Ananging ingkang prelu kita gatosaken inggih punika bab wit anjir puniku, punapa wit anjir punika produktif punapa boten? Injil Markus kaserat: “Panjenengane tindak nyelaki,…” ateges Gusti Yesus boten namung nyelaki, ananging ugi nliti lan mriksa wit anjir punika. Punapa ingkang dipun padosi dening Gusti Yesus?
F.F. Bruce ing buku seratanipun “dokumen-dokumen PB”, nerangaken bilih rikala semanten, boten namung wohipun, putik-putik-ipun utawi bakal woh (Tasqh) ingkang mesthinipun kenging kangge ngicali raos luwe kemawon boten saged dipuntemokaken ing wit menika. Kamangka, miturut F.F Bruce, medalipun Tasqh (putik) punika umumipun sareng kaliyan medalipun ron-ron. Adhedhasar prekawis punika Gusti Yesus duka lan nyupatani wit anjir punika, karana wit anjir punika gagal produktif. Ateges wit anjir kalawau boten wonten gina lan paedahipun.
Woh punika wujuding proses saking saben tanduran, mliginipun tetaneman woh-wohan. Menawi ‘putik’ utawa bakal woh kemawon boten pinanggih, sampun saged dipun pestheaken tetaneman punika boten produktif babar pisan. Mekaten ugi gesangipun manungsa, menawi sampun ambruk lan boten medalaken woh, boten wonten piguna lan paedahipun malih. Pramila, gesang kedah migunani lan maedahi! Urip kang urup, boten namung urip-uripan, utawi namun urip mung arep, nanging tanpa wujud. [pong]
“Urip iku urup!!!”