Pilih Bebas Murni Renungan Harian 10 Desember 2018

10 December 2018

Waosan : Yesaya 40 : 1 – 11  |  Pamuji : KPJ 283
Nats:  “Allah Kang Mahakwasa rawuh bakal ngereh kanthi pangwasa gedhe, lan rawuhe bakal ngirid wong-wong sing diluwari….” [ayat 10]

Tiyang ingkang kinunjara, gadhah pepenginan bebas. Ahok, mantan Gubernur DKI Jakarta ingkang kinunjara, nampik pembebasan bersyarat. Piyambakipun ngersakaken bebas murni, bener-bener bebas, mardika lair batin, boten mawi syarat. Menawi bebas bersyarat saged medal saking kunjara saben dintenipun dipun watesi namung 4 (sekawan) jam, saged kapundhut wiwit wulan Agustus, nanging bebas murni ingkang dhawah wulan Januari 2019. Ahok kepengin manut pranatan hukum ingkang trep. Kaping kalihipun, ing kunjara Ahok kepengin ngrampungaken buku karanganipun. Kaping tiga, menawi Ahok mundhut bebas bersyarat, bok menawi kathah ingkang nyaruwe/maido lan masang jiret malih, kathah ingkang nyampar-nyandhung.

Warta pangluwaran ugi dipun tampi dening bangsa Israel ingkang kabuwang ing Babel ingkang dangunipun 70 tahun. Krana sipat adilipun Gusti Allah. Gusti Allah paring pangapunten lan sih piwelas dhateng bangsa Israel punika. Nabi Yesaya kautus dening Gusti Allah kangge ndampingi ugi nyawisaken umat supados mratobat lan mapag dinten rawuhipun Gusti, lakon utama ing gesang punika. Pramila umat kautus cawis margi kagem rawuhipun Gusti (ayat3), ingkang ateges umat prelu cecawis kangge mangun kasetyan tuhu dhumateng Gusti Allah. Minangka lakon utami gesang kita punika, Gusti Allah boten namung milujengaken umat ing sajroning prastawa pambuwangan ing Babel kemawon, nanging ing dalem Sang Kristus Yesus, Sang Mesih mujudaken malih kuwaos lan pakaryanipun ingkang sedya paring pitulungan saben umat lumantar pangorbanan ugi wungunipun.

Pramila, kangge mapag dinten rawuhipun Gusti Yesus Kristus ing pahargyan Natal, sumangga kita mapag wiyosipun Gusti Yesus Kristus kanthi setya tuhu. Awit ing dalem Sang Kristus Yesus kemawon kita saged bebas murni saking paukuman laknating dosa. [pong]

“Ing dalem Sang Kristus kita manggihaken Kamardikan ingkang sejati, Inggih kamardikan ingkang murni, boten mawi syarat.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak