Bab Apa Kang Najis? Renungan Harian 1 September 2018

1 September 2018

Waosan: Yokanan 18: 28-32 I Pamuji: KPJ.60
Nats:
„Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.“(ayat 28)

Ing satunggaling dinten pak A dedonga makaten: „ Dhuh Gusti kula saestu gela dhateng sadherek B. Piyambakipun mitenah kula sabrayat. Gusti, mugi Paduka kemawon ingkang paring piwales dhumateng sadherek B.“

Lumantar pandonganipun saged kita kinten-kinten bilih Pak A gela sanget manahipun dhumateng pak B. Amargi piyambakipun pitados dhumateng Gusti, mila pak A matur dhumateng Gusti prekawis ingkang njalari manahipun rinujit-rujit. Pak A nggadhahi pangajeng-ajeng dene Gusti ngukum tiyang ingkang sampun ndadosaken manahipun gela.

Kadospundi miturut panjenengan pandonganipun pak A menika?

Waosan kita nyariosaken Gusti Yesus Kristus ingkang dipunladosaken saking dalemipun Imam Kayafas dhateng  ing pengadilan. Ing dalemipun Imam Kayafas lan ing ngajengipun Pilatus boten wonten ingkang saged kanthi cetha nedahaken kalepatan ingkang sampun dipuntindakaken dening Gusti Yesus Kristus. Mila tiyang-tiyang sami ngupadi dhateng pengadilan. Elokipun, tiyang-tiyang Yahudi ingkang ngladosaken Gusti Yesus Kristus ing pengadilan ngendhani lumebet ing pengadilan awit boten purun kenging ing najis. Para tiyang menika ugi sami cluluk dhateng Pilatus boten purun ngadili piyambak amargi boten pareng matrapi paukuman pejah. Sanadyanta makaten sami kepengen dene Gusti Yesus dipun patrapi paukuman pejah dening panguwaos Romawi.

Patrap menapa ingkang sampun dipun tedahaken para tiyang menika? Sami ngakeni dados tiyang ingkang ngugemi agami lan boten purun kenging najis nanging nglirwakaken tumindak adil lan asih, kepara malah ngincer pejahipun tiyang sanes. Samestinipun, sedaya ingkang ngakeni nganut agami kedah nindakaken patrap adil lan asih sanes mbereg kacilakanipun tiyang sanes. Krana tumindak mbereg kacilakanipun tiyang sanes menika tumindak ingkang najis. (dn)

„Adil lan asih iku pinangkane saka Gusti Allah. Apa wae kang adoh saka iku, klebu bab kang najis.“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak