Aja Serakah Renungan Harian 1 Oktober 2019

1 October 2019

Waosan  : Yakobus 5 : 1-6 | Pamuji : KPJ. 170 : 1-3
Nats : “Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe!” (ayat 1)

Manungsa gesang tamtu kepengin gesangipun mulya, ayem tentrem, saged kacekapan lan boten kekirangan. Karana punika wonten ingkang gadhah pemanggih, “enak dadi wong sugih, apa-apa isa keturutan”. Pemanggih ingkang mekaten awit tiyang punika ningali kawontenaning tiyang sugih punika kados-kados gesangipun mulya, kepenak boten nate kekirangan punapa-punapa. Griyanipun ageng, mobilipun mewah, perhiasanipun kathah lan bandha donyanipun luber. Pramila kathah tiyang ingkang kepengin dados sugih supados punapa ingkang dados pikajengipun saged kasembadan. Punapa pancen inggih leres mekaten? Kadosipun boten. Manungsa punika namung sawang sinawang, bilih ningali tiyang sugih kadosipun gesang mulya, nyatanipun tiyang sugih punika rumaos kekirangan karana senadyan gadhah bandha ingkang kathah, kawontenan brayatipun bubrah sami rebutan warisan lan padhu antawis yoga ingkang sepisan lan sanesipun. Ketingal sugih nanging boten ngraosaken tentrem rahayu.

Yakobus ing seratipun ngengetaken dateng tiyang sugih nalika semanten, inggih punika para tuan tanah ingkang serakah. Yakobus ngengetaken tumrap sikap lan tumindak gesang tiyang sugih ingkang salah. Asring para tuan tanah punika boten ngaturi gaji abdinipun sacara sae. Punapa ingkang dados hak abdinipun dipun tahan lan dipun kirangi. Piyambakipun saged dados sugih karana mendhet punapa ingkang dados hak/gaji abdinipun punika. Pramila Yakobus ngengetaken supados para tuan tanah punika sampun ngantos serakah. Awit tumindak gesang serakah punika dadosaken dosa lan paukuman saking Gusti Allah.

Dodos tiyang sugih punika wujud berkah saking Gusti ingkang kedah dipun sukuri. Bilih Gusti maringi bandha ingkang luber ateges kita dipun pitados dados talanging berkah kangge sesami. Sampun ngantos kita gumunggung, rumaos punika awit usaha kakiyatan kita piyambak. Sampun ngantos kita serakah, punapa ingkang dados gadhahan kita namung kangge nuruti kepenginan kita lan brayat kita piyambak. Bandha lan kasugihan punika boten langgeng, sejatinipun ingkang langgeng punika namung kawilujengan saking Gusti Allah. Pramila sumangga kita sami ngupaya tumindak gesang ingkang sembada kaliyan karsanipun Gusti Allah. Gesang boten namung buru bandha donya kemawon nanging kedah enget kaliyan timbalaning Gusti. (AR).

“Gesang mulya ora mung amarga sugih ning amarga setya dateng Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak