Waosan: Mateus 23 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 369
Nats: “Sing sapa dadi gedhe ana ing satengahmu iku dadia paladenmu.” (Ayat 11)
Jono nembe kemawon wangsul saking kitha. Piyambakipun kepingin dipun urmati dening sadaya warga dusunipun. Jono nggadhahi pamanggih bilih tiyang ingkang sugih tur pinter mesthi bakal kinurmatan. Pramila piyambakipun “berlagak” sok sugih lan pinter, Jono milai ngarang crita bilih ing kitha piyambakipun sampun sukses lan nggadah karyawan ingkang kathah. Sakawit warga dusun punika pitados, ananging wekdal rencangipun ingkang sesarengan madamel kaliyan Jono ing kitha dugi, sadaya kabukak. Pranyata ing kitha Jono namung karyawan biasa.
Gusti Yesus dawuh, “Para ahli Torèt lan para Farisi iku padha nglinggihi palenggahané Musa. Mulané apa kang dituturaké marang kowé iku padha lakonana kabèh lan padha tetepana, nanging aja padha nulad tindak-tanduke, …” Kenging punapa Gusti dawuh supados para sakabat nglampahi punapa ingkang kadawuhaken dening ahli Torèt lan tiyang Farisi, ananging mboten pareng niru tindak tandukipun? Awit ingkang kadawuhaken punika sadaya sae. Cecek lan laras kaliyan sabda pangandikanipun Gusti nanging tindak-tandukipun benten kaliyan punapa ingkang kadawuhaken. Punapa ingkang katindakaken namung pados pangalembana saking tiyang sanes, mboten tulus ing batosipun. Gesang padintenanipun tansah ngagem sandangan liturgis, ingkang kedahipun namung kaagem wekdal ing pangibadah (Ay. 6-7). Wekdal ngrawuhi undangan pesta nyuwun kapapanaken ing bangku ngajeng piyambak. Semanten ugi wekdal ngabekti sinaosa mboten ngaladosi nyuwun lenggah ing bangku paling ngajeng, ing pundi kemawon nyuwun dipun urmati, lan kasebat rabbi utawi guru. Miturut Gusti Yesus, sok sintena kemawon ingkang kepingin dados ageng piyambak lan kinurmatan, piyambakipun kedah purun dados palados sesaminipun (Ay. 11).
Ing salebeting gesang punika, kita kedah mawas diri, mboten perlu ngegung-ngegungaken kaluwihan dhiri, nanging purun ndandosi sadaya kekirangan dhiri kita. Jujur dhumateng dhiri pribadi, mboten perlu dados tiyang sanes. Mboten perlu mburu pangurmatan saking tiyang sanes awit pakurmatan punika badhe dugi piyambak sauger kita saged dados tiyang ingkang layak kinurmatan. Kita cekap nglampahi sadaya sabda pangandikanipun Gusti Allah kanthi satuhu lan tulus, mesthi Gusti Allah badhe paring berkah dhateng kita, satemah kita saged gesang kanthi tentrem rahayu. Amin. [SW].
“Sing sapa gedhé dhéwé ana ing satengahmu iku dadia paladènmu.”