Pasemon Pancaran Air Hidup 1 Mei 2021

1 May 2021

Waosan: Markus  4 : 30 – 34    |    Pamuji :  KPJ.  172
Nats
: “Gusti Yesus anggone mulangake pangandika marang wong-wong mau ngagem pasemon akeh kang kaya mangkono iku, laras karo tataraning pangretene lan ora padha dipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon, nanging yen marang para sakabate apa bae diterangake piyambakan.” (Ayat 33,34)

Pasemon menika pralambang, crita pepindhan, obah owahing polatan, pitutur ingkang samun.  Pasemon boten sesambetan kaliyan kasunyatan nanging boten saged kapisah saking kasunyatan. Ingkang kacariyosaken mawi pasemon menika boten nate saged kajarwakaken kanti tuntas. Awit pasemon menika ugi wujuding dolanan lan siaga kangge nyingkiri pambengan, mila mawi rasa pangrasa ingkang alus nanging ugi ngemot trauma kabudayan.

Saking pangertosan pasemon menika, ingkang dipun tengenaken ing pasemon wiji sesawi menika sanes ageng utawi alitipun wiji, nanging tembung disebar ing lemah. Disebar ing lemah menika mretelakaken ewah-ewahan utawi pratandha maligi ingkang nedahaken wontenipun sesakit ingkang saweg mrasuk dhateng badanipun manungsa. Mila dados perkawis ingkang dipunsingkiri. Sanyata tembung disebar ing lemah menika mratelakaken lelampahan ingkang dipunlampahi dening Gusti Yesus, Gusti kita ngundhangaken kratoning swarga ingkang rawuh. Inggih margi pati ing salib.

Thukule Kratoning Allah iku saka dayane dhewe, kaya dhene wiji kang disebar ana ing lemah. Kitab Suci martosaken kaleresan, nanging mripatipun manungsa asring dipundamel wuta dening rasa pangrasa ingkang nebih saking kaleresan menika. Dados menawi para pitados namung nengenaken asil ingkang ageng, ingkang kathah nanging boten purun udhu menika sami kaliyan nyingkur kaleresan. Kosok wangsul kaliyan pitutur jer basuki mawa bea, ingkang dipun ener namung dados wit ingkang ageng, nanging selak saking lampah disebar ing lemah.

Gesang padinan menika inggih pasemon. Menapa kemawon ingkang dipunlampahi menika ugi mratelakaken sinten sejatining tiyang menika, utawi sak boten-botenipun mralambangaken lelampahan ingkang badha kawarna ing gesangipun. (gon)

“Uripmu kuwi pralambang, iku pasemon.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak