Waosan : Pangandharing Toret (Ulangan) 9 : 6 – 14 | Pamuji : KPJ 78
Nats : “… elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu….” [ayat 7a]
Bukan karna kebaikanku, Bukan karna baik rupaku
Bukan karna kekayaanku…. Ku dipilih, ku dipanggil-Nya
Bukan karna kecakapanku, bukan karna fasih lidahku
Bukan karna kelebihanku…. Ku dipilih, ku dipakai-Nya
Bila aku dapat, itu karena-Nya, bila aku punya semua daripada-Nya
Semua karna anugerah-Nya, di b’rikan-Nya pada kita
Semua anugrah-nya pada kita, bila kita dipakai-Nya
Lagu punika ngemu suraos bilih manungsa punika winates kahananipun. Limrahipun dipunkidungaken nalika tahbisan pelados pasamuwan. Menawi manungsa saged nindakaken sedaya perkawis lan ayahan ing alam donya, punika awit sih rahmatipun Gusti piyambak. Pramila manungsa kedah tansah enget bilih sejatinipun Gusti piyambak ingkang nyagedaken.
Bangsa Israel angsa ingkang winates kawontenanipun mila wongsal wangsul nindakaken perkawis ingkang ndadosaken dukaning Gusti. Ing Pangandharing Toret kasebataken bilih bangsa Israel tansah nindakaken perkawis ingkang ngucemaken timbalanipun minangka bangsa pinilih kados : nyembah brahala, mboten setya, nyingkur Gusti. Mila Gusti Allah duka sanget lan badhe musnahaken bangsa Israel. Ananging Gusti taksih kagungan katresnan dhumateng bangsa Israel lan paring pitulung saengga bangsa Israel saged lumebet ing tanah ingkang dipun prasetyakaken dening Gusti. Pramila ing ayat 6-7, kasebataken, “Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot. Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.” Bangsa Israel kedah mangertos lan enget, namung Gusti ingkang nresnani lan mitulungi.
Manungsa winates kawontenanipun, asalipun saking lebu. Lebu punika barang ingkang alit sanget. Tanpa Gusti, kita menika boten wonten artosipun kados satunggaling lagu pop, AKU TANPAMU BUTIRAN DEBU. Kita punika namung lebu ingkang tansah ndadosaken dukaning Sang Yehuwah. Pramilah kedah tansah enget dhumateng Gusti. [dix]
“Sabegja-begjane wong lali, isih begja wong kang eling lan waspada“