Waosan: Efesus 5 : 6 – 20 | Pamuji: KPJ. 390
Nats: “… lan gunakna wektu kang ana, awit jaman iki ala.” (Ayat 16)
Prekawis ingkang aji salebeting lelampahan gesang bebrayatan ing zaman modern punika, sanes arupi arta, emas, utawi raja-brana, ananging wektu. Inggih, tansaya modern, wektu punika karaos cekak, kados-kados wektu punika telas kangge nyambut damel, nindakaken kegiatan, lan sinau wiwit enjing ngantos sonten. Nalika wanci dalu, arang sanget wektu kangge pepanggihan utawi pirembagan ing antawisipun anggota brayat, awit badan sampun karaos sayah utawi taksih sibuk kaliyan HP-nipun piyambak-piyambak. Kahanan punika estu mrihatosaken sanget, ngengeti bilih basa katresnan ing satengahing brayat punika sarta komunikasi ingkang sae. Menawi wektu kangge pepanggihan lan pirembagan kaliyan anggota brayat mboten kawujud kanthi sae, punika jalari risaking karukunan ing satengahing brayat.
Rasul Paulus nyerat layang dhateng pasamuwan Efesus kangge ngengetaken para umat ing kutha Efesus bab iba wigatinipun nggatosaken pigesangan, miliginipun bab wicaksana ngagem wektu. Rasul Paulus ngersakaken supados pasamuwan Efesus mboten sembrana anggenipun mranata wektu ing gesangipun, sampun ngantos kados tiyang bodho, awit bab punika namung jalari gesangipun dawah ing dosa. Jaman punika jaman ingkang ala! Pramila, Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Efesus supados ngagem wektu ing gesang punika kanthi wicaksana. Tegesipun wektu punika kedah kaagem kangge sinau sarta mangertosi karsanipun Gusti. Wektu punika ugi kedah kaagem nindakaken pakaryan lan pandamelan ingkang migunani tumrap sesami. Awit srana punika para umat saged mangertos karsanipun Gusti Allah ing maneka werni kahanan gesang.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang kagungan wektu, ingkang tansah maringi kita wewengan kangge nindakaken pakaryan becik salebeting gesang kita ing alam donya. Tandha sokur kita punika kedah kita ketingalaken mawi cara ngagem wektu peparingipun Gusti punika kanthi wicaksana, sarta ngupadi karsanipun Gusti ing maneka werni kahanan gesang kita. Gusti Allah sampun nyatunggilaken kita kaliyan brayat kita, pramila mangga kita setya mranata wektu kita kanthi wicaksana, mliginipun ing wanci pepanggihan lan pirembagan kaliyan anggotaning brayat kita. Sumangga kita ngagem wektu punika kanthi sae, matemah gesang kita saged dados berkah kangge brayat kita. Amin. [mojoo].
“Payo ngajeni wektu peparinge Gusti, awit wektu ora bakal ngenteni.”