Waosan: Yeremia 28 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 368
Nats: “Ing sajroning rong taun iki Ingsun bakal ngulihake sakehing pirantining padalemane Sang Yehuwah, kang dijupuk dening Nebukadnezar, ratu ing Babil, saka ing panggonane lan diusungi menyang ing Babil.” (Ayat 3)
“Ojo dibanding-bandingke.” Tamtu kathah saking kita ingkang sampun apal tembang punika. Wiwit bocah ngantos adiyuswa sami pirsa ungelipun tembang punika. Menawi dipun gatosaken, tembang punika ngemu teges: wonten kahanan ingkang benten ananging dipun banding-bandingaken. Menawi wonten ingkang dipun bandingaken tamtu nggadhahi tujuan satunggal ingkang pinunjul lajeng ingkang sanes kedah kawon. Rivalitas utawi saingan tamtu dados semangatipun anggenipun bandingaken.
Waosan kita dinten punika ugi nyariosaken babagan rivalitas, saing-saingan. Hananya ingkang nyebut dhirinipun minangka nabi rumaos kasaingan kaliyan nabi Yeremia. Rumaos kasaingan ndadosaken Hanaya nggadhahi kepinginan pinunjul. Wujudipun supados dipun wastani pinunjul inggih punika kanthi gelar sabda ingkang dipun wastani nubuat. Isinipun nubuat punika estunipun ingkang dados pangangen-angenipun sadaya tiyang Israel ingkang saweg mbetahaken pangluwaran saking panguwaosipun ratu Babel. Pramila, sadaya isinipun nubuat punika katujokaken murih tiyang Israel sami pitados dhateng Hanaya lan piyambakipun ingkang dipun dadosaken patuladanipun tiyang Israel. Sanadyan nubuatipun Hanaya punika boten leres malah kepara ngawur kemawon. Ing wusananipun Gusti Allah boten negakaken Yeremia, lajeng Yeremia dipun dawuhi Gusti Allah supados ngadepi Hanaya lan nedahaken bilih namung Yeremia ingkang dados nabi utusanipun Gusti Allah.
Saking waosan punika kita saged sinau bilih ing gesang sesarengan minangka brayat, rebut kuwaos, kepingin pinunjul punika, asring ndadosaken bebukanipun crah lan cecongkrahan. Ananging lantaran cariyosipun nabi Hanaya lan nabi Yeremia punika, kita saged nggatosaken dhiri bilih sampun ngantos kita kedlarung dhumateng pemanggih ingkang salah, inggih punika mawang tiyang sanes minangka saingan. Menawi kita ngupaya gesang rukun ing pitepangan kedahipun kita boten mawang tiyang sanes saingan kita, ananging rencang damel kita supados punapa ingkang kita tindhakaken saged dipun sampurnakaken dening tiyang sanes. Sumangga kita uri-uri budaya apresiasi, inggih punika mawang tiyang sanes punika aji lan penting, katimbang kita rumaos kasaingan bilih wonten tiyang sanes ingkang tampil ing komunitas kita. Amin. [to2k].
“Penyakit ingkang bebayani anggen mangun gesang sesarengan
inggih punika mawang tiyang sanes minangka saingan ingkang kedah dipun singkiraken.”